Ngatag Lan Panglipur Pancaran Air Hidup 5 Juni 2021

5 June 2021

Waosan: Jabur 130 : 1 – 8  |  Pamuji:  KPJ. 81 : 1, 2
Nats: “Ngarep-arepa marang Pangeran Yehuwah, he Israel! Awit Sang Yehuwah kagungan sih kadarman, sarta kerep banget paring pangluwaran.” (Ayat 7).

Wiwit sasi Maret 2020 kepengker ngantos samangke kathah tiyang ingkang sami nandhang sangsara awit saking pagebluk Virus Corona. Wiwit nalika semanten saya dangu saya kathah tiyang ingkang ketiban pagebluk menika, temah sami nandhang prihatos. Kathah sanget brayat ingkang nandhang kasisahan karana gegelitaning brayatipun (semah, tiyang sepuh, anak, sedherek) ingkang tilar donya lan kasarekaken kanthi cara ingkang nyedhihaken sanget karana pagebluk menika. Kathah tiyang ingkang sami kecalan padamelan lan ulu wetuning (penghasilan) padamelanipun. Bantuan saking pamarentah lan lembaga sanesipun boten saged nyekapi kabetahaning brayat. Awrating pigesangan taksih karaos ngantos sepriki. Sadayanipun mbetahaken kakiyatan, panglipur lan pitedah.

Juru Masmur (130:1-8) menika paring tuladha patraping gesang ing satengahing panandhang. Piyambakipun sesambat lan mratobat dhumateng Gusti nyuwun kawelasanipun (ay. 1-4). Piyambakipun cariyos anggenipun ngajeng-ajeng sih kadarmanipun Gusti (ay. 5-6). Piyambakipun paring pangatag supados sami ngajeng-ajeng dhumateng Sang Yehuwah (ay. 7). Wusananipun sang juru Masmur paring panglipur bilih Sang Yehuwah kagungan sih kasetyan sarta ngersakaken pangluwaran tumrap umatipun saking kalepatan lan panandhangipun.

Pangatag lan panglipur saged dados salah satunggaling cara anggen kita atur paseksi bab sih kadarman lan pitulunganipun Gusti. Pramila, sumangga kita ngatag-atag saben tiyang -mliginipun ingkang sami semplah ing manah supados sesambat lan mratobat sarta ngajeng-ajeng dhumateng Gusti kanthi temen-temen. Sumangga kita atur panglipur dhateng ingkang sami nandhang sisah bilih Gusti Allah mesthi karsa myarsakaken pasambating umatipun lan badhe ngluwari panandhangipun. Kanthi mekaten ingkang semplah pikantuka pikekah, ingkang sisah ing manah sageda bebingah. (st)

“Srana ngatag lan nglipur sira antuk pikekah lan dadi bungah.”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak