Waosan : Wilangan 9 : 15 – 23 | Pamuji : KPJ. 189 : 1, 3
Nats: “Anggone padha leren marga saka dhawuhe Sang Yehuwah, lan iya marga saka dhawuhe Sang Yehuwah anggone padha budhal; wong-wong iku tansah padha nindakake kuwajibane tumrap Sang Yehuwah, …” (Ayat 23)
Nalika nindakaken kegiatan wisata biasanipun wonten pandu wisatanipun. Tugasipun pandu wisata menika maringi katerangan dhateng para wisatawan bab papan tujuan, menapa ingkang menarik ing papan wisata menika, lan margi pundi ingkang tumuju papan wisata menika. Sarana katerangan saking pandu wisata menika, para wisatawan rumaos bingah lan aman. Bingah amargi saged mangertosi sejarah papan wisatanipun lan kasaenan papan wisata menika. Rumaos aman awit boten badhe kesasar lan blasar karana wonten pandu wisata ingkang sampun mangertos arah lan tujuan papan wisata menika.
Kacariyosaken wonten ing waosan kita, bangsa Israel sampun medal saking Mesir tumuju dhateng Kanaan. Nalika semanten bangsa Israel sami mboten mangertos margi tumuju dhateng Kanaan. Awit saking Gusti Allah anggenipun nresnani umatipun, Gusti Allah kersa nuntun lampahing bangsa Israel tumuju Kanaan. Wujud panuntuning Gusti Allah menika awujud Tugu Mega lan Tugu Geni. Ing wanci siang, tugu mega menika ngirid lampahing bangsa Israel saengga boten ngraosaken panasing srengenge anggenipun mlampah ing ara-ara samun. Mekaten ugi nalika wanci dalu, Tugu Geni menika dados pepadhang ngirid lampahing bangsa Israel saengga senajan dalu, bangsa Israel boten ngraosaken ajrih lan peteng. Sarana tandha tugu mega lan tugu geni menika, bangsa Israel saged ngraosaken panganthinipun Gusti Allah.
Kadosdene para wisatawan ingkang dipun tuntun dening pandu wisata lan bangsa Israel ingkang dipun kanthi dening Gusti Allah, mekaten ugi gesang kita tansah dipun tuntun lan dipun kanthi Gusti Allah. Wujud panuntun lan panganthinipun Gusti Allah menika saged kita raosaken salebeting gesang kita. Ingkang sepisan, kita dipun paring kakiyatan kangge makarya saben dinten. Kaping kalih, kita dipun paring kawicaksanan saged bentenaken bab ingkang bener lan bab ingkang lepat. Kita saged mangertos margi pundi ingkang badhe kita pilih nalika ngadepi pacoben. Pungkasanipun, kita dipun tresnani Gusti. Gusti Allah tansah nunggil saklampahing gesang kita. Karana menika mangga kita purun dipun tuntun lan dipun kanthi dening Gusti Allah. (AR)
“Gusti Yesus Kristus menika Panduning gesang kita ingkang nuntun kita dhateng kawilujengan”