Mirengaken Swantenipun Sang Yehuwah Pancaran Air Hidup 29 Mei 2021

29 May 2021

Waosan:  Jabur  29 : 1 – 11 |  Pamuji:  KPJ. 71 : 1 – 3
Nats:
“Swantene Sang Yehuwah ana ing sakdhuwuring banyu, Gusti Allah kang mulya gumludhug, Sang Yehuwah ing sadhuwuring banyu gedhe.” (Ayat 3).

Asring kita ngangen-angen bilih suwantenipun Gusti Allah menika sarwa lembut, lirih miwah edum nentremaken. Mila tiyang lajeng semedi, mertapa, nebih saking kemrosaking jagad ngupadosi papan ingkang sepi supados mireng wisiking Gusti.

Saking Jabur 29 menika pemazmur ngalami bilih pranyata suwantenipun Gusti Allah ugi wonten ing sak nginggilipun toya banjir bandhang, ing saklebeting jumedhering kilat lan gludhug, gumlegering gunung mbledhos, mulat-mulating latu, malah kebak kekiyatan nggoregaken pasamunan, ngombang-ambingaken gunung-gunung, nugelaken lan ngrubuhaken wit Eres Libanon ingkang umuripun atusan tahun. Sadaya menika saestu sarwa nggegirisi, awit tiyang Israel menika sanes bangsa pelaut ingkang kendel dhumateng toya, sanes kados bangsa Indonesia ingkang kinupengan ing “ring of fire” ingkang saben wekdal ngadhepi lindhu, tanah longsor, banjir bandhang, malahan tsunami.

Mila sampun ngantos kita nggadhahi pamanggih bilih Gusti Allah namung rawuh ing saklebeting kawontenan ingkang sarwa tenang, sakeca, mbingahaken miwah maremaken. Gusti Allah ugi rawuh ing saktengahing kawontenan ingkang nggegirisi, punika nedahaken kekiyatanIpun miwah panguwaosIpun wonten ing sak tengahing prahara. Awit pancen Panjenenganipun piyambak ingkang nguwaosi sadaya menika saha makarya paring kekiyatan miwah berkah dhumateng umatIpun. Mila ing kawontenan ingkang kados menapa kemawon, kalebet wabah ingkang nggegirisi kadosdene ingkang dipun alami manungsa sakdonya, kados samangke. Ing kahanan bencana ingkang nguwatosaken, kita kaajak mulyakaken asmanipun Allah. Mekaten ugi kita purun ngupadosi menapa ingkang dados kersanipun Gusti Allah ing kawontenan menika.  Lan kita sangsaya ngraketaken patunggilan kaliyan Panjenenganipun lan sesami sarta ajrih asih dhumateng Panjenenganipun. Menapa kita ugi saged mirengaken suwantenipun Gusti Allah ingkang ndadosaken kita sangsaya raket lan nunggil Panjenenganipun? Utawi malah kabandhang klelep ing suwantening alun gumulung miwah gumuruhing prahara ingkang ngrabasa? (BRU)

“Yehuwah paring pangandika lan makarya ugi ing sak tengahing prahara.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak