Waosan: Roma 8 : 1 – 8 | Pujian: KPJ. 97 : 1, 2
Nats: “Sabab wong kang uripe kawengku ing daging, iku padha ngangen-angen kang mungguh ing daging; nanging wong kang uripe manut ing Sang Roh, pangangen-angene miturut Sang Roh.” (Ayat 5)
Bebek ingkang netes ing kandangipun pitik tamtu nggadahi pakulinan kados pitik. Menapa kemawon ingkang mboten sami kaliyan ciri-cirinipun pitik dipun wastani awon. Kados sukunipun bebek ingkang bleber dipun anggep ewwt kangge ceker-ceker pados cacing. Bebek ingkang nggadahi cucuk ingkang njeber dipun raosaken ewet kangge nuthul pakan kados limrahipun pitik. Langkung malih bebek menika ajrih sanget nalika kepanggih tonya ing kalenan, ingkang sejatosipun nglangi menika kaprigelanipun bebek ingkang katampi wiwit cilik mula.
Rasul Paulus ngengetaken pasamuan ing kitha Rum, minangka tiyang pitados, pasamuan ing Rum sampun nampi kawilujengan saking Gusti Yesus. Karana menika pasamuan Rum mboten sisah ajrih lan sumelang ngadepi gesang ing alam donya menika. Rasul Paulus ngajak supados pasamuan Rum tansah suka bungah karana nampi kamardikan saking bebenduning dosa. Awit Gusti Allah sampun paring pangluwaran. Panyuwunipun Paulus, warganing pasamuan Rum saged ta sami ngiyataken lan tulung tinulung setunggal lan sanesipun sarta kebak saos syukur dhumateng Gusti lumantar peladosan ing patunggilan. Piwucalipun Rasul Paulus menika tamtu tasih cocok ngantos sakmangke.
Kadang kala asring kita kesupen menawi gesang kita sampun dipun luwari saking dosa. Malah – malah saged ugi sih rahmat ingkang sampun kita tampi menika dipun gantos kaliyan drajad, pangkat, utawi banda donya. Tumindak kita mboten benten kaliyan tiyang ingkang dereng nampi pangluwaranipun dosa, tansah sumelang lan kuatir. Tiyang ingkang kados mekaten kalawau pikiranipun tasih dereng pas kaliyan karsanipun Gusti Allah.
Kangge kita ingkang sampun mardika lan suci wonten ngarsaning Allah, sampun ngantos kita gesang miturut cara kedagingan ingkang tebih saking tentrem rahayu lan sih rahmating Gusti Allah. Sampun ngantos kita ajrih ngadepi gesang punika nanging sumangga kita sami ngepasaken penggalih kita dhumateng Gusti Allah, supados manah lan gesang kita tansah ngraosaken katentreman lan sih rahmatipun Gusti. Amin. (DKR)
“Neng Ngawi tuku kasur, gulinge aja lali. Neng donya aja wedi dulur, urip mardika wis kita tampi.”