Waosan: 1 Korinta 12 : 12 – 27 | Pamuji: KPJ. 339
“Lan gegelitaning badan kang miturut wawasan kita ora pati ana ajine, iku padha kita paesi ngleluwihi. Sarta peranganing badan kita kang saru, iku padha kita rukti kalawan becik banget.” (Ayat 23)
Ing wiwitan, mangga kita naliti lan emut dhateng tanggi tepalih kita. Sinten kemawon ingkang nate nampi pambiyantu tulus saking kita? Wujudipun menapa? Menapa sampun cocog kaliyan kabetahanipun? Kita tamtu sami mangertosi wonten ing media massa lan media sosial kathah ingkang nyariosaken bab tiyang ingkang paring pambiyantu dhateng sesami. Wiwit saking kabetahan gesang arupi sembako ngantos bedah rumah. Sanadyan nate wonten tiyang ingkang mbiyantu menika kangge prakawis ingkang boten sae (prank) nanging kita taksih saged sinau bilih ing antawisipun manungsa kedah sami remen ing bab paring pambiyantu.
Waosan dinten menika ngajak dhateng kita tansah nuwuhaken kasaenan dhateng sesami langkung-langkung dhateng tiyang ingkang nandhang kasisahan. Dene pambiyantun punika kaangkah saged sacara lair lan batin. Rasul Paulus ngendikan bilih perangan badan ingkang kadosipun “ora pati ana ajine” kedah “kita paesi ngleluwihi” (ay.23). Awit saking punika sakderengipun kita paring pambiyantu, kita ngawontenaken “survei” supados wujud pitulungan kita menika leres lan trep kanthi kabetahan tiyang ingkang dipun biyantu. Ingkang ateges, sak dereng paring pambiyantu kita kedah naliti kanthi tumemen, dipun galih kanthi saestu lan saklajengipun saged karancang bab menapa ingkang kedah kita lampahi.
Sasi menika kita mengeti Bulan Kesaksian dan Pelayanan Cinta Kasih ingkang dados sarana mawas diri. Menapa kita ingkang “badan siji” wonten wekdal kangge gatosaken ingkang ringkih lan winates? Kedahipun inggih, kita purun nyawisaken wekdal, tenaga lan materi kangge mbiyantu sederek kita ingkang ringkih lan winates. Bulan Kespel menika saged dados sarana pepenget kangge kita, purun gatosaken sesami ing sakiwa tengen kita. Menapa kita sampun paring pambiyantu kanthi leres lan cundhuk kaliyan kabetahan? Mugi kita sedya atur pambiyantu, supados saben tiyang ingkang nampi pambiyantu saking kita, sagedta saos syukur dhateng Gusti. Dene kita ingkang atur pambiyantu saged ngraosaken kabingahan. (WdK)
“Tumuliha lan tumandhang tresna dhateng sesami.”