Waosan: Yokanan 13 : 1 – 17 | Pamuji: KPJ. 335
Nats: “Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesus wus mirsa, manawa wus tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngarsane Sang Rama” (Ayat 1)
Uler geni nyabrang dalan aspalan ingkang panas kumethèp ing wanci siang. Lampahipun kedah rikat, senadyan rekaos, kebak pepalang lan bebeya. Ing wayah surup uler geni dumugi ing sabrang dalan.
Paskah menika tegesipun liwat, nyabrang, kados bani Israel saking Mesir nyabrang segara Abrit tumuju dhateng Kanakan. Kados manungsa saking donya tumuju dhateng dalemipun Gusti Allah Sang Rama ing Swarga.
Yokanan miwiti pawartosipun, “Gusti Yesus kang uninga, yèn wis tekan titi mangsane jengkar saka ing donya kene, sowan ngarsaning Rama; jroning tresna marang para sumitra Dalem kang ana ing donya, arsa ngetingalake katresnan Dalem nganti ngentèk.” Titi wancinipun sampun dumugi Gusti Yesus abdinipun Sang Rama kaswargan dados abdinipun manungsa. Gusti Yesus tresna dhateng para sakabat ngantos dumugi ing janji. Tresna ingkang tanpa wates, ngungkuli wektu lan ukuran. Gusti Yesus nindakaken jejibahanipun abdi lan nimbali para sekabat nglampahi ugi.
Kados uler geni nyabrang dalan aspalan panas kumethèp, apa bisa tekan? Sanadyan rekaos, kebak pepalang lan bebaya, nyatanipun ing wayah surup dumugi ing sabrang dalan. Pancen nyabrang dalan menika boten gampil. Pepalang ingkang ageng menika inggih diri pribadi, rasa pangrasa kados dene, “Aku ora isa, aku ora pantes, aku iki sekeng, aku iki wong gemblung, mangu-mangu.” Dene babaya saged arupi kawontenaning jaman, ekonomi, sedaya perkawis ingkang ngreridhu kangge tandang damel mujudaken karsanipun Gusti. Kados ing pungkasaning citra, Gusti Yesus dhawuh: “Saiki kowé wis padha ngerti prekara kuwi. Begja kowé menawa kuwi koklakoni.” Sumangga kita sami nuladha Gusti Yesus, Gusti Sang Pamarta. Rahayu ingkang purun nglampahi, senadyan awrat tamtu manggih sih rahmat. (gon)
“Wani nyabrang, mrantasi pepalang, menang”