Waosan : Dhaniel 9 : 15 – 25a | Pamuji : KPJ. 61
Nats: ”Dhaniel, tekaku saiki iki prelu menehi akal-budi marang kowe supaya ngreti.” (Ay. 22b)
Bab ngakeni kalepatan, sansaya wekdal sansaya dados prakawis ingkang awis sanget. Sasisih, mbok bilih punika jalaran tuntutan prestasi ingkang kedah katawis. Pramila sansaya kathah tumindak sae ingkang dipun ketingalaken supados pikantuk “pengaken” saking tiyang sanes. Lajeng, sok sintena tiyang rumaos mbetahaken “pengaken” saking tiyang sanes. Kabetahan menggahing “pengaken” punika lajeng ndadosaken tiyang kedah katingal sae lan pinunjul. Ananging, sasisih malih prakawis punika malah ndadosaken sok sintena tiyang ingkang nindakaken kalepatan nggadhahi raos mangu-mangu anggen ngakeni kalepatanipun. Awit manawi sampun tetala kalepatanipun, lajeng rumaos boten malih dados tiyang ingkang pinunjul. Kamangka, tumrap sok sintena tiyang ingkang saged ngakeni kalepatanipun, estunipun kadadosaken pinunjul dening Gusti. Wujuding pinunjul punika arupi akal-budi lan kawicaksanan.
Dhaniel kanthi saestu ngakeni kalepatanipun wonten ing ngarsanipun Gusti. Kalawan detail Dhaniel ngunjukaken panyuwunipun dhumateng Gusti, nelakaken bilih kanthi gumolonging manah panyuwunan punika kasaosaken. Dhaniel nyuwun sageda kaapunten dening Gusti awit sakathahing kalepatan ingkang dipun tindakaken tebih saking karsaning Gusti. Srana tumindak ingkang cengkah punika, Dhaniel saestu ajrih dene-dene Gusti Allah nandukaken paukuman dhateng umat kagunganiPun. Kabar kabingahan tumedhak lantaran malaekat Gabriel ingkang paring dhawuh dhateng Dhaniel, bilih sadaya umat kaluputaken saking paukuman. Ananging ingkang wigatos sanget, bilih langkung rumiyin Gusti paring akal-budi dhumateng Dhaniel supados mangertosi bab pangapuranipun Gusti ingkang kalairaken, saha rancanganipun Gusti sasampunipun paring pangapura. Punika ingkang kawastanan hikmat utawi kawicaksanan.
Para sedherek ingkang kinasih, wigatos sanget kangge kita minangka kagunganipun Gusti, ngakeni punapa kemawon kalepatan ingkang kita tindakaken. Dhumateng sinten kita tumindak lepat, kita kaatag supados nyuwun pangapunten. Ngakeni kalepatan boten badhe ndadosaken kita tan aji, kepara ndadosaken kita pinunjul awit wonten akal-budi lan kawicaksanan ingkang badhe kita tampi. Lumampah ing Minggu Pra Paskah, inggih wekdal ingkang sae kangge kita masrahaken kawontenan dhiri kita dhumateng Gusti srana ngakeni sakathahing kalepatan ing ngarsanipun. Kalebet kalepatan dhateng sesami, punika inggih minangka wujud anggen kita nyuwun sih pangapuntening Gusti. (aan).
”Pangaku salah iku gedhe sawabe.”