Nyuwun Tulung Gusti Pancaran Air Hidup 15 Maret 2021

15 March 2021

Waosan :  Pangentasan 15 : 22 – 27  |  Pujian : KPJ. 132
Nats
: “Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, Pangeran Yehuwah tumuli nedahi sawijining kayu, iku banjur dicemplungke ing banyu mau, sanalika banyune dadi tawa.” (Ay. 25)

Crita saking pesisir kidul Lumajang. Wonten warganing pasamuan ingkang naminipun Mbok Mi. Tiyangipun gesang piyambakan wonten pinggir seganten. Griyanipun watawis 4 km saking greja, menawi nderek kempalan pangabekti, piyambakipun mlampah. Tanggi tepalihipun  mboten wonten ingkang Kristen, malahan piyambakipun asring dipun tawani pindah agama, ananging Mbok Mi kekeh ing iman pitadosipun dhateng  Gusti  Yesus. Piyambakipun pitados bilih ingkang ngrimati gesangipun punika Gusti Yesus. Malah Mbok Mi sampun pesen dhateng majelising pasamuan, menawi katimbalan mangke nyuwun kanthi sanget dipun rukti secara Kristen, nggih dipun pethi lan dipun dandani. Kangge nyekapi kabetahan gesangipun, Mbok Mi nyambut damel dados buruh tani ing sabin. Kadang-kala wonten tiyang ingkang nyukani uwos, tigan, arta lan sanes-sanesipun.

Ing gesang kita padintenan, asring kelampahan prastawa ingkang mokal, ajaib, mboten saged dipun pikir kanthi nalar. Kados punapa ingkang dipun alami dening bangsa Israel nalika tigang dinten lumampah wonten ing pasamunan Syur tanpa manggihaken sumbering toya. Malahan sak sampunipun dumugi Mara kepangih lepen ananging toyanipun pahit. Kahanan punika dadosaken bangsa Israel sami sambat. Satemah Nabi Musa dados jujukan sambatipun bangsa Israel. Lajeng dhateng pundi Nabi Musa sambat? Wangsulanipun inggih namung dhateng Gusti Allah. Saklajengipun Gusti Allah paring pitulungan dhateng Musa lan bangsa Israel. Lumantar kajeng ingkang dipun uncalaken dhateng lepen, toya lepen punika dados tawar, satemah saged dipun unjuk. Selajengipun ing Elim, Gusti Allah ugi mulungi bangsa Israel kanthi nyawisaken 70 wit kurma lan 12 sendang. Sedaya kalawau saged kelampahan awit pangandelipun Nabi Musa dhateng Gusti Allah.

Mbok Mi mboten nggadah pendamelan ingkang maton, awit ngasak punika pendamelan ingkang gumantang kaliyan musim panen pantun. Ing perkawis punika mbok Mi saestu sumendhe namung dhateng katresnanipun Gusti. Kasunyatanipun katresnanipun Gusti tansah sumrambah dhateng Mbok Mi, satemah piyambakipun saged nglampahi gesang kanthi cekap.  Sambat kita namung dhateng Gusti, awit saestu Gusti Allah punika tansah nresnani kita. (GIK)

“Manungsa punika titahipun Allah, pramila nyeyuwunipun namung dhumateng Allah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak