Memuji Kalayan Urmat Renungan Harian 17 Oktober 2020

17 October 2020

Waosan : Jabur 99 : 1 – 9 | Pamuji : KPJ. 23 : 1, 2
Nats: “Kajengipun sami ngrepekaken pamuji sokur dhumateng asma Paduka ingkang agung, saha nggegirisi punika. Panjenenganipun punika suci!” (Ay. 3).

Rumiyin nalika alitan kula, wonten tanggi ingkang nembe tumbas sepedhah enggal. Wekdal dipun jagang ing ngajeng griya, wonten lare ingkang jail ndemek sepedhah punika. Punapa ingkang kelampahan? Tiyang ingkang gadhah sepedhah kalawau ngamuk boten kanten-kantenan. “Bocah ora tau mangan sekolahan, ora ngerti ya yen sepedhah iki regane larang?”, makaten clathunipun. Lajeng piyambakipun enggal-enggal mendhet gombal sepedhahipun dipun serbeti. Ing jaman kala rumiyin carios ingkang makaten kalawau saestu saged kalampahan awit sepedhah punika dipun anggep barang aji. Minangka barang aji pramila dipun eman-eman lan dipun jagi, sampun ngantos wonten tiyang utawi lare ingkang kumawantun sembrana dhateng barang punika.

Makaping-kaping bangsa Israel dipun engetaken bilih Gusti Allah punika Ratu ingkang ageng panguwaosipun, mahaagung nglangkungi sakthahing bangsa, miwah suci. Para umat kagunganipun kedah tansah ngluhuraken asmanipun saha sami sujud nyembah wonten ing ngarsanipun. Mliginipun ing ayat 3 kasebataken, “Kajengipun sami ngrepekaken pamuji sokur dhumateng asma Paduka ingkang agung, saha nggegirisi punika. Panjenenganipun punika suci.” Ayat punika isi pangajak dhateng para kagunganipun supados sami ngrepekaken pamuji kanthi ngengeti bilih Panjenenganipun punika agung lan kedah dipun urmati awit Panjenangipun punika suci. Boten dipun keparengaken ngunjukaken pamuji kanthi sembranan, gegojegan utawi tanpa dipun kantheni tulusing manah. Awit sok sintena ingkang tumindak makaten kalebet nyawiyah asmanipun Gusti ingkang Mahasuci.

Kadospundi anggen kita memuji mulyakaken asmanipun Gusti ingkang salaminipun punika kita lampahi? Punapa inggih sampun kita wujudaken kanthi ajrih asih dhateng Gusti lan gumolonging manah? Pepujen ing pangibadah-pangibadah sajakipun asring namung kapujekaken minangka formalitas lan rutinitas. Pujian lumantar Koor utawi Vocal Group, kalebet anggenipun cecawis utawi latihan asring dereng dipun kantheni pemahaman ingkang saestu-estu bilih punika kagem ngluhuraken asmanipun Gusti Allah. Tandhanipun anggenipun memuji wonten ing pangibadah inggih namung kurni, sokur muni lan anggenipun tampil ing Koor utawi Vocal Group inggih namung kagem kepuasan manusiawi. Lumantar pepenget sabda pangandikanipun Gusti ing dinten punika sumangga sami memuji kanthi ngengeti kasucenipun Gusti. (Esje)

 “Kekidungan punika medal saking lathi nanging asalipun saking ati”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak