Sabar Drana Renungan Harian 19 September 2020

19 September 2020

Waosan : Mateus 19 : 23 – 30 | Pamuji : KPK. 155
Nats: “Kawula sadaya sampun sami nilar samukawis saha lajeng nderek Paduka, ingkang punika kawula sami badhe angsal punapa?” (Ay. 27)

Panjenengan saged lagu Bang Bing Bung Menabung? Ukara saking lagu punika saged nggulawentah kita. Upaminipun dari kecil kita menabung supaya kita beruntung. Wonten pituwas lan paedahipun manawi kita gadhah celengan. Kajawi punika, kita saged sinau babagan raos sabar ngempalaken berkah saking Gusti, tekun lan nggadhahi raos pangajeng-ajeng. Pancen, manawi kita sabar tamtu wonten pituwasipun.

Paraga ing waosan kita, Petrus, lan ugi wong nom-noman sugih (Mateus 19:16-26), wekdal kagungan pepenginan ngupadi gesang mukti pranyata boten nglampahi kanthi sabar lan legawa. Kita saged naliti gesangipun Petrus, sadaya pengen dipun lampahi kanthi rikat, malah asring kalebet grusa-grusu. Ukara saking Petrus ingkang nyuwun pituwas langkung rumiyin lan rumaos sampun nglampahi timbalanipun dumugi pungkasan dados kawigatosan kita ing dinten punika. Pamanggihipun Petrus ingkang dipun aturaken dhumateng Gusti Yesus pancen radi aneh lan malah kados keladuk kurang tata lan duga. Nanging nyatanipun punika boten beda kaliyan kita. Upaminipun ing bab pandonga. Kita asring nyuwun ingkang dados pituwas, nanging kesupen dhateng prakawis ingkang kedah dipun lampahi minangka tanggel jawab dhumateng Gusti. Manungsa punika asring gadhah manah ingkang dhawah ing patrap egois.

Minangka pandherekipun, kita pitados bilih Gusti Allah boten badhe kesupen dhateng sedaya lampah gesang ugi kayektosan kita. Kita tamtu nampi kanugrahan. Lan punika saged kawiwitan wekdal kita saged gesang ingkang ngener ing lampah diri, boten ningali kanthi pemanggihipun piyambak. Wekdal kita sabar, Gusti Allah tamtu paring perkawis ingkang adi. Kados dene dhawuhipun Gusti Yesus, kita nampi pituwas mawujud kahanan gesang ingkang enggal (ay.28). Saking ayat 28 kita nampi prajanji kahanan enggal ing wekdaling pamulihan (terjemahan 2006), jaman wekasan (1994), jaman pembangunan (1981). Kaluhuraken ing wekdalipun mangke, sae punika kahanan kaluhuran sosial dhateng sesami lan ugi kahanan gesang pitados ingkang langkung mindhak sae. Lagu ing inggil ngemutaken kita, bilih ingkang dados perangan kita inggih punika nglampahi timbalan. Lan ing tembe pituwas saking Gusti Yesus tamtu lajeng kita tampi. (WdK)

 “Payo sami nindakaken karsanipun Gusti kanthi temen ing gesang kita!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak