Waosan : Mateus 18 : 28 – 35 | Pamuji : KPJ. 352
Nats: “Apa kowe ora wajib melasi marang mitramu, kayadene aku iya wis melasi kowe?” (ay. 33)
Punapa panjenengan nate dipun larani tiyang? Kados pundi raosing manah? Temtu manah kita sakit. “Sakitnya itu di sini” (menepuk dada). Wonten salah satunggaling sederek tunggal bapa lan biyung tansah mengsahan, sederek punika griyanipun ngajeng wingking. Ingkang ngajeng dalemipun ingkang sepuh lan ing wingking griyanipun ingkang anem, ananging kekalihipun mboten nate sapa aruh. Mboten wonten ingkang mangertos sebabipun. Sawijining dinten sederek ingkang griyane ngajeng ngersakaken bangun latar wingking. Piyambakipun badhe kesah tebih sawetawis wegdal. Sedaya rancang bangun kapasrahaken dhateng arsitek supados ndamel bangunan ingkang sae saha kiyat. Lajeng arsitek kalawau nggadahi pikiran damel taman lan jembatan, supados menawi Bos ipun wangsul saking tebih saged ningali taman ingkang asri, ugi menawi badhe dhateng adikipun ingkang dalemipun wonten wingking saged nglangkungi jembatan.
Sawijining dinten bos ipun dugi. Lajeng kaget ningali wingking griyo wonten taman ingkang asri lan endah saha jembatan ingkang ngubungaken griyanipun adik ingkang dados mengsahipun. Dumadakan adikipun saking ketebihan mangertosi menawi kangmasipun sampun damel jembatan berarti pengin rukun kalih piyambake, lajeng kakang lan adik punika kepanggih lan rangkul-rangkulan wonten ing tengah –tengahing jembatan.
Mekaten ing waosan kita punika, nyariosaken bab Pangapunten. Kados pundi pangaksami punika? Pangaksami satunggaling ukara ingkang gampil kaucap ananging mboten gampil dipun lampahi. Gusti Yesus maringi gegambaran kados pundi menawi manungsa mboten kersa atur paksami, kagambaraken kados dene tiyang ingkang kapasrahaken dhateng Algojo. Tegesipun gesangipun tansah ajrih, wonten ing panyiksa, manahipun mboten jenjem.
Pramila kita kedah paring pangaksami/pangapunten ingkang tanpa winates, menawi kita tasih nggadahi pager singgetan kaliyan sederek kita, rencang-rencang kita. Sumangga wiwit sak punika kita mboten mbangun pager singgetan ananging kita mbangun jembatan ingkang saged ngrukunaken. Kita pitados menawi kita mboten nggadahi mengsah, gesang kita kebak ing katresnan satemah kita mboten wonten pepalang tansah nderek Gusti. Gusti mberkahi kita. Amin. [Mry]
“1000 kanca isih kurang, 1 mungsuh kakean.”