Warisan Kang Becik Pancaran Air Hidup 29 Juni 2020

29 June 2020

Waosan : Purwaning Dumadi  22 : 15 – 18 | Pamuji :  KPJ. 18:1, 2
Nats
: “Lantaran turunmu sakehing  bangsa ing bumi bakal padha binerkahan, …” (Ay. 18)

Wonten saperangan tiyang pitados bilih uwohe gesang tiyang sepuh punika boten namung ditanggung dening pribadinipun piyambak, ananging ugi badhe ditanggung dening anak turunipun. Cariyos ingkang nedahaken perkawis punika saged kita panggihaken wonten ing gesang masamuan. Conto, “kaelo mas B, mergo wong tuwane biyen sregep tetulung, mulane uripe mulya. Beda karo mas A, sing uripe ora karu-karuan merga biyen bapake senengane ngenyek wong ora duwe.”

Rama Abraham saestu saged nedahaken kadospundi gesang mbangun miturut dateng Gusti Allah, punapa ingkang dados dawuhipun Gusti Allah dipun tindakaken. Rama Abraham mboten owel nyaosaken putranipun ingkang ontang-anting minangka korban kagem Allah. Jalaran prastawa punika Gusti Allah supaos demi Asmanipun piyambak badhe tansah ngluberaken berkah dateng Rama Abraham lan para turunipun. Malahan turunipun Rama Abrahan dados lantaran berkah kangge bangsa-bangsa wonten ing salumahe bumi.

Tamtu kita minangka tiyang sepuh mboten kepingin anak-anak kita nampi bebendu awit polah tingkahipun tiyang sepuh. Tiyang sepuh ingkang waras tamtu mboten kepingin anak turunipun ngalami karisakan awit ngundhuh tanduranipun tiyang sepuh ingkang awujud gesang ingkang morsal. Kosok wangsulipun sedaya tiyang sepuh estunipun kepingin saged sinau saking gesangipun Rama Abraham ingkang saestu nanem kabecikan ingkang saged dipun undhuh dening anak turunipun. Sedaya awit imanipun Rama Abraham ingkang saestu ageng dumateng Gusti Allah.

Menawi kita minangka tiyang sepuh kepingin anak-putu kita tansah binerkahan, sumangga kita tansah anggadahi iman ingkang kiyat lan estu. Pancen nglampahi pitados dumateng Gusti Allah punika nggih  mboten  gampang, malahan kados-kados ngrugekake  gesang kita secara  kadonyanan. Ananging mangga kita sami ngatosaken punapa ingkang dipun lampahi dening Rama Abraham. Gesang mbangun miturut dawuhipun Gusti punika jalari berkah tumrap anak putu kita, ugi anak putu kita saged dados talanging berkah kangge sinten kemawon. (GIK)

“Wongtuwa kuwi kudhu nandur kabecikan supaya anak putune ngundhuh kabecikan”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak