Waosan : Lelakone Para Rasul 6 : 8 – 15 | Pamuji : KPJ. 237
Nats: “Kabeh kang padha lenggah ing Pradata Agama padha ngawasake marang Sang Stefanus, banjur padha mirsa pasuryane Sang Stefanus kaya pasuryan malaekat.” (Ay. 15)
Sinten ta tiyang ingkang mboten nate lara ati? Cobi panjenengan ngacung! Ah, pasti mboten wonten tiyang ingkang mboten nate lara ati. Sedaya manungsa tamtu nate ngraosaken lara ati ingkang mawarni-warni sababipun. Menawi sampun mekaten kadang kala wonten pengajeng-ajeng badhe maringi piwales dateng tiyang ingkang sampun dadosaken kita lara ati punika. Punapa nggih kedah mekaten? Sumangga kita sinau saking Stefanus.
Stefanus punika piyantun ingkang saleh, jujur, kebak rahmat saking Roh Suci ugi ingkang spesial, piyambakipun kagungan panguwaos nindaaken mukjizat. Prekawis punika katingal nalika Stefanus bebantahan kaliyan tiyang Libertini, tiyang Yahudi saking Kilikia lan tiyang Asia. Nalika bebantahan, tiyang-tiyang punika mboten saged nglawan Stefanus ingkang kebak kawicaksanan lajeng nindaaken paseksi palsu (fitnah) dateng Stefanus. Lumantar paseksi ingkang mboten leres punika, Stefanus dipun adili wonten ing Pradata Agama kedah nampi pangukuman. Wonten ing Pradata Agama, tuduhan dateng Stefanus langkung ageng awit Stefanus dipun fitnah mboten namung prekawis nyenyamah Musa lan Allah ananging nggih nyenyamah Padaleman Suci saha angger-anggering Toret. Kados pundi manahipun Stefanus nalika mirengaken sedaya fitnahan punika? Punapa Stefanus lara ati, nesu, kuciwa? Stefanus mendel, manahipun tentrem malah kebak saos sokur. Mboten katingal Stefanus ajrih, ananging pasrah sawetah dumateng Gusti Yesus ugi pasuryanipun Stefanus kados pasuryanipun Malaekat.
Prekawis ingkang dipun lampahi Stefanus saged ugi kita raosaken wonten ing lampah gesang kita. Saged kemawon kita dipun fitnah kaliyan sesami kita bab tumindak gesang ingkang boten kita lampahi. Minangka umat kagunganipun Gusti Allah sumangga lumatar Stefanus, kita sinau supados saged kiyat anggen kita ngadepi fitnah. Kita pitados lan pasrah sawetah dumateng Gusti Allah awit kita yakin bilih Gusti Allah mboten badhe nilar kita. Roh Suci tansah makarya ing pigesangan kita saben wekdal. (Fant)
“Gusti, mugi Paduka tansah paring kekiyatan supados kawula saged nglampahi sedaya pigesangan kawula”