Pager Wates Renungan Harian 17 Februari 2020

17 February 2020

Waosan :  Pangentasan 20 : 1 – 21  |  Pamuji :  KPJ. 125
Nats
: “Pangucapé Musa, “Aja padha kuwatir, Gusti Allah kersa nguji kowé, supaya kowé padha wedi-asih marang Allah, sarta ora padha gawé dosa”.” (ayat 20)

Pager punika kabangun kangge watesing griya utawi bangunan supados saged aman. Pager ugi kabangun supados katingal endah contonipun pager ing pekarangan. Tiyang ingkang mageri griyanipun temtu kepengin supados saged aman saking gangguan-gangguan tiyang lintu, punapa malih tiyang ingkang kagungan niat awon. Karana punika pager ingkang dipun bangun punika kedah kiyat lan boten gampil dipun risak. Ingkang saged kita gatosan nalika tiyang mbangun pager wates ing pakarangan griyanipun, tiyang punika mboten namung mbangun kangge ngamanaken lingkungan griya saha raja brananipun saking tiyang njawi, ananging ugi kangge ngamanaken saking pacilakan. Kados dene griya ingkang celak kaliyan margi ageng. Pager punika kangge ngamanaken para putra alit supados mboten katerak kendaraan-kendaraan ing margi punika.

Ing kawontenan gesangipun bangsa Israel ugi dipun paring pager wates supados mboten nampi cilaka, punapa malih cilaka karana polah-tingkahipun piyambak. Salah satunggaling pager wates ingkang kaparingan saking Gusti Allah inggih punika Dasa Titah ingkang kasebat Toret. Kanthi pager wates ingkang sampun dipun tampi punika, bangsa Israel kaajak supados sami setya lan tansah midhangetaken dawuhipun Gusti, sarta nggadhahi raos ajrih anggenipun badhe nglampahi tumindak dosa.

Ing gesang kita padintenan, mesthinipun kita saged nglampahi karsanipun Gusti punika. Pager wates kedhah kita jagi. Kita kedahipun ngraosaken lan nyadari, kados pundi kawontenan kita ing gesang padintenan. Sampun kaping pinten kita nglumpati pager wates punika? Reraoan kita wekdal punika sami ngengetaken dateng kita, kados pundi Pangandikanipun Gusti Allah menika saged dados “pager wates” ingkang nulungi gesang kita saking bebaya. Bilih kita asring nglumpati pager punika mangga tansah purun ngakeni kalepatan dosa kita ing ngarsanipun Gusti. Kita nyuwun pangapunten sarta prajanji tansah nglampahi gesang enggal, inggih punika gesang ing margining Gusti, margi kasantosan lan kawilujengan. (dvd).

“Mratobata, Lakonana sing becik!”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak