Tanpa Sekat Renungan Harian 5 Februari 2020

5 February 2020

Bacaan  : Lukas 6 : 17 – 26     |    Pamuji  : KPJ.  439
Nats:
Ing dina iku kowe padha bungah-bungaha lan suka-sukaa, amarga sanyata bakal gedhe ganjaranmu ana ing swarga” (ayat 23a)

Agnes Gonxha Bojaxhiu, lahir di Uskub, Kerajaan Ottoman, 26 Agustus 1910 inggih punika biarawati Katolik Roma keturunan Albania lan berkewarganegaraan India, ingkang kawentar kaliyan asma “Bunda Teresa”. Pitutur saking Bunda Teresa ingkang sae salah satunggalipun mekaten: ”Jangan biarkan orang yang datang pada anda, kembali tanpa merasa lebih baik dan lebih bahagia. Jadilah ungkapan hidup dari kebaikan Tuhan. Kebaikan dalam wajah anda, kebaikan dalam mata anda, kebaikan dalam senyum anda.” Punika mawujud nyata saking laku gesangipun Bunda Theresa ingkang nampi sadaya tiyang kanthi kahananan kados pundi kemawon tanpa sekat, lan sadaya tiyang saged angraosaken rahayu lumantar kawontenanipun Bunda Theresa.

Miturut Lukas 6:20-26, pangandika punika katujuaken dening para tiyang ingkang saestu miskin, lan wonten ing kahanan sosial ingkang mrihatosaken sanget. Sabdanipun Gusti Yesus dinten punika ngajak kita sami ngraosaken kados pundi sikap batin kita minangka manungsa ingkang ringkih. Kasebataken ing ayat 20 “Rahayu kowe kang padha mlarat, amarga kowe kang padha nduweni Kratoning Allah”, kangge ingkang sugih kasebataken ing ayat 24, “nanging bilai kowe, heh, para wong sugih, awit kowe wis padha tampa panglipur saka kasugihanmu”. Lajeng menapa ingkang sugih ewet anggenipun lumebet ing Kartoning Swarga?

Saking waosan kalawau, Gusti Yesus paring piwucal bilih pawarta kawilujengan punika katujuaken dateng sadaya tiyang ingkang pitados dumateng Panjenenganipun. Kita kaajak wonten ing pangraos lan kesadaran batiniah bilih tiyang mlarat lan sugih sampun samestinipun saged saling mendukung kangge mujudaken gesang ingkang ngarah dumateng  Gusti Yesus. Kados pundi kaliyan gesang kita sadinten-dinten? Menapa kita sampun gesang kangge sesami? Mboten namung paring bantuan lumantar bandha kemawon, ananging langkung saking menika saged rawuh kanthi memberi diri, hadir sepenuhnya. Kados dene Gusti Yesus, kita saged sesarengan mbangun gesang ingkang tanpa sekat kaliyan sanak sadherek kita, mekaten lelampahanipun Greja. Awitdene manungsa punika katitahaken dening Gusti supados saged gesang sesarengan nyatunggil ing Kratoning Allah. (ANS).

“Tresna iku tan mawang mring tyang awit tresna iku nulad ing sihing Gusti kang murbeng gesang”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak