Waosan : Purwaning Dumadi 35 : 1 – 15 | Pujian : KPJ. 124 : 1, 2
Nats: “Payo padha tata-tata lan mangkat menyang Betel ana ing kono aku arep gawe misbyah konjuk marang Allah kang wus nyembadani marang aku ing dina karubendanku, lan wus nunggil karo aku ana ing dalan kang dakambah” (Ay. 3)
Dados tiyang manut punika estu mbetahaken proses ingkang mboten gampang. Kedah andhap asor lan mboten remen ngunggulaken pemanggihipun ingkang dipundhasari ego pribadi. Pilihan ingkang sae inggih punika dados tiyang ingkang manut. Sejatosipun wonten ingkang unggul wonten ing dhiri tiyang ingkang manut. Kaunggulanipun inggih punika sacara pribadhi tiyang manut punika dipunsebat tiyang ingkang saged mimpin dhirinipun piyambak.
Wonten ing waosan kita dinten punika, Yakub estu saged dipunsebat tiyang ingkang manut kaliyan Gusti. Tiyang ingkang tansah mirengaken punapa ingkang dados pangandikanipun Gusti Allah. Yakub kasebat tiyang ingkang kebak kapitadosan dateng sabda lan pakaryanipun Gusti Allah. Kacariyosaken Yakub mimpin brayatipun supados saged sesarengan mujudaken tumindhak manut dateng pangrehipun Allah. Pramila awit dados tiyang ingkang manut, Yakub lan brayatipun saged uwal saking tumindak ingkang mblasar. Yakub lan brayatipun sami mratobat, masrahaken dhewa-dhewa asing lan anting-anting ingkang sejatosipun simbol saking brahala. Punapa ingkang dipuntindakaken Yakub, manut kaliyan dawuhipun Gusti ngantos dadosaken brayatipun nggadhahi tekad kangge mratobat kedah kita gatosaken lan kita dadosaken pasinaon wonten ing gesang kita. Awit kita taksih asring dados tiyang ingkang mblasar.
Kados dene Yakub, ingkang manut dateng Allah, mekatena ing gesang kita. Kita ugi dipuntimbali dados abdinipun Gusti ingkang kedah mratobat lan manembah namung dateng Gusti kemawon. Kedah kita sadari bilih kathah perkawis ingkang saged ndadosaken kita mblasar, nanging nalika kita manut lan mirengaken dhawuhipun Gusti, kita badhe kasagedaken nggadhahi manah ingkang lembah lan andhap asor. Kita kasagedaken mimpin dhiri pribadhi lan ngendaleni diri. Langkung-langkung kita ugi kasagedaken dados pandherekipun Gusti ingkang saged ndadosaken tiyang sanes mratobat. Sumangga kita manut Gusti, supados kita, brayat kita lan sedaya tiyang ing sesrawungan kaliyan kita tansah ngraosaken tentrem lan rahayu saking Gusti Allah. (ASN).
“Wong manut bisa diturut, wong mblasar mundhak nambahi kesasar”