Gemar Renungan Harian 11 Januari 2020

11 January 2020

Waosan  :  Jabur 29 : 1 – 11     |     Pamuji : KPJ. 10
Nats
: “Sang Yehuwah kasaosana kaluhuraning asmane, padha sujuda marang Sang Yehuwah kanthi rinengga ing kasucen” (Ay. 2)

“Adhuh Gusti lamun kula nyipati, lintang abyor ing dalu kang sepi. Wah gumleger gludhug ing angkasa kula ngungun gunging kamulyanta, nyawa kula gya sumyak sung puja yekti Allah Mahakwasa” seratan KPK. 29 punika estu dados gegambaran raos ‘ngungun’ dhumateng Gusti ingkang akarya jagad.

Jabur kang sinerat lumantar Daud punika dipunwiwiti kanthi timbalan marang sedaya para kang manggon ing swarga (mbok bilih ingkang dipunwastani nggih punika bangsa Israel kang kang kasebat bangsa kang pinilih dening Gusti). Tamtunipun Daud medhar bab punika kagungan pangangkah kagem sedaya bangsa kang pinilih dening Gusti. Pangangkahipun supados bangsa kang pinilih dening Gusti punika wanuh kaliyan ingkang dados etuking gesang, Gusti ingkang mahakwasa kang kagungan sedayanipun ngungkuli bab punapa kemawon ingkang wonten alam donya. Pramila kanthi kahananipun Gusti ingkang ngedap-edapi punika Daud paring pitedah supados bangsa kang pinilih punika sageda sami sujud marang Sang Nata Agung kanthi rinengga ing kasucen.

Sujud marang Gusti kanthi kasucen, punika saged ateges sowan ngarsanipun Gusti kanthi raos kang mboten angah-angah lan ngumbar hawa nepsu – kang asring ndadosaken titah kagunganipun Gusti rusak! Daud saestu ngraosaken ngungun nalika mirsa saha ngraosaken kamulyanipun Gusti lumantar titah kagunganipun.

Ing gesang samangke, minangka titah kang sinebat rowang-mitra kang nampi timbalan supados nglestantunaken titah kagungane Gusti (Pur.1:27-28), punapa kita namung badhe winates ing tembung ‘gumun’ kaliyan titah punika? Tamtu Mboten! Para manungsa kang sampun pinilih dening Gusti ugi kedah mujudaken timbalan nglestantunaken alam donya titahipun Gusti punika, minangka wujud raos hormat dhumateng Gusti kang sampun akarya jagad. Mangga dipunwiwiti lumantar pasamuwan-pasamuwan kanthi mujudaken GEMAR, (Greja nyaman lan Asri) – menawi pasamuwan-pasamuwan sampun mranata papan panggonan kanthi adhem lan asri, tamtunipun pasamuwan sampun ndherek campur asta mujudaken timbalan mranata titah kang dados tanggel jawab ingkang kedah dipunlestantunaken. (gus).

“Mulyakna Gusti kang Murbeng Jagad kanthi Sarana Tumindak lan Tanggeljawab Sanyata”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak