Gustiku, Juru Pangon Renungan Harian 7 Desember 2019

7 December 2019

Waosan : Yesaya 40 : 1 – 11    |    Pamuji : KPJ. 32
Nats:
“Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane, sarta iku padha diklempakake kalawan astane; cempene padha dipangku, embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.” [ay. 11]

Tiyang gesang ing alam ndonya mesthi ketaman maneka warni karibedan. Ketaman sakit, ngalami kegagalan, kecalan, ngadhepi anak nakal, semah ingkang boten tanggel jawab datheng brayat, rekaos pados sandhang-teda, lan sanesipun. Nalika ketaman karibedan kalawau, njalari gesang lajeng boten bingah, awrat, semplah, peteng lan kecalan karosan kangge gesang. Raosipun kados sampun boten kiyat nglajengaken gesang. Punapa malih karibedan kalawau awrat sanget, dangu boten wudhar. Utawi karibedan satunggal dereng rampung, sampun kasusul karibedan candhakipun. Awrat saestu! Makaten ingkang dipun lampahi dening bangsa Israel nalika wonten ing pangawulan. Kados-kados boten wonten kawilujengan. Sadaya ngraosaken semplah lan boten nggadahi pangajeng-ajeng. Ananging Gusti Allah boten nate lan boten badhe negakaken umat kagunganipun. Gusti Allah paring pangluwaran dan kawilujengan.

Pancen boten gampil ngraosaken pitulunganipun Gusti, ing satengahing kawontenan gesang ingkang awrat. Pitulunganipun Gusti boten mesthi awujud nyingkiraken utawi nyirnakaken karibedan kalawau. Ananging, nalika Gusti Allah paring kakiyatan. Karibedan taksih kita sandhang, dereng sumingkir, nanging kita kiyat ngadepi. Kakiyatan punika ugi wujud pitulunganipun Gusti Allah. Lumantar lampahipun bangsa Israel kita saged nyumerepi bilih Gusti Allah kersa dados papan pangunsen tumrap sadhengah tiyang ingkang saweg nandhang karibedan. Punapa malih Gusti Allah punika Juru Pangon, mesthi badhe tresna lan rena paring pitulungan. “Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane, sarta iku padha diklempakake kalawan astane, cempene padha dipangku, embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.

Pramila sumangga tansah sumende dumatheng Gusti Allah, minangka Juru Pangon. Sadaya samukawis gesang kita mesthi karengkuh ing astane lan ing katresnane. Sumangga sami gumregah ndadosaken gesang kita minangka talanging berkah kangge sesami. Sanadyan gesang boten gampil, gesang ingkang kita lampahi awrat sanget, kita tetep ing timbalan kita minangka talanging berkah. Kita mesthi badhe aman ugi rosa, sadaya badhe kasembadan awit Gusti Allah kita, Juru Pangon! [Life]

“…. Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa.” (Jabur 23:1)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak