Pracayaa! Renungan Harian 17 November 2019

17 November 2019

Waosan : Lukas 21 : 5 – 19    |    Pamuji : KPJ. 178a : 1, 2
Nats
: “Sabab Aku dhewe kang bakal maringi marang kowe tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowe ora bisa dilawan utawa dibantah dening mungsuh-mungsuhmu.“ [ay 15]

Asring manungsa punika menawi nggadhahi pradatan/kebiasaan gesang saben dinten, saged kelampahan otomatis ngaten mawon kelampahan. Tuladanipun wungu wanci injing, wonten tiyang ingkang nggadhahi pradatan wungu enging sanget, lan ugi wonten ingkang wungu radi siang. Masio sarenipun kedalon, tiyang ingkang nggadahi pradatan wungu enjang sanget nggih otomatis saged wungu enjing sanget. Semanten ugi tiyang ingkang nggadhahi pradatan wungu radi siang, masio sarenipun taksih sonten, enjing wungunipun inggih tetep radi siang.

Pradatan gesang punika wonten ingkang mboten sae lan wonten ingkang sae. Pramila sumangga pradatan-pradatan ingkang sae kemawon ingkang kita damel wonten ing gesang kita punika, pradatan ingkan awon kita tilaraken. Ananing menika mboten gampil dipun lampahi, penak diomongne nanging angel dilakoni. Pramila kita saged nglampahi kanthi otomatis ing gesang kita bab-bab ingkang sae, menawi sampun kita dadosaken pradatan gesang kita saben dinten. Tamtu kathah sanget reridu/alangan nalika kita badhe nglampahi pradatan gesang ingkang sae.

Kados bab pitados dumateng Gusti Yesus Kristus punika. Menawi namung dipun dawuhaken punika gampil, nanging ewet sanget dipun lampahi. Kathah tiyang ingkang asring dawuh pitados dumateng Gusti, ananging lampah gesangipun mboten nedahaken tiyang ingkang pitados dumateng Gusti Yesus Kristus. Tiyang punika asring tumindak mboten sae, arang tindak greja, arang dherek patuwen brayat, nanging dawuhi tetep pitados dumateng Gusti Yesus. Napa malih menawi ngadepi prekawis ingkang awrat mlajengipun tindak dateng tiyang pinter/dukun. Menapa punika tiyang ingkang dipun wastani tiyang pitados? Sumangga bab pitados dumateng Gusti Yesus menika kita dadosaken pradatan gesang, supados saged otomatis kelampahan ing gesang kita. Kita latih, biasakan, satemah kita tansah pitados dumateng Gusti kanthi otomatis, sae nalika ngadepi prekawis awrat lan mboten. (Syn)

“Pracayaa Gusti mesthi nganthi gesang kita sedaya”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak