Berdamai Klayan Mangsa Kapungkur Renungan Harian 19 Oktober 2019

19 October 2019

Waosan : Purwaning Dumadi 32 : 3 – 21 | Pamuji : KPJ. 443 : 1
Nats:
“Adreng panyuwun kula, mugi kaluwarana saking tanganipun kakang kula Ésau. Kula ajrih mbokbilih mangké nempuh lan nggecak kula sedaya, para tiyang èstri lan laré-laré.” [ay. 11]

Wonten satunggaling tiyang ingkang profesinipun minangka motivator anami Mario Teguh. Tiyang punika gadhahi jargon “super sekali”. Kathah pocapan ingkang dipun aturaken dhateng tiyang sanes kangge penyemangat gesang. Salah satunggalipun inggih punika “derita masa lalumu itu terlalu jauh untuk menyentuhmu hari ini, tapi pengulangan kenangan dan rasa sakitnya yang bisa melemahkanmu”. Estunipun kathah perkawis ingkang kalampahan ing mangsa kapungkur. Sanajan wekdal menika terus lumampah maju, nanging kenangan menika terus kaemut lan dipun emut – emut lan tansah nyisahaken pangraos ingkang sami kados nalika semanten, kados raos lepat, raos sakit dalah raos keduwung.

Ing mangsa ingkang kapungkur Yakub ngraosaken gundahing manahipun kawiwitan saking prastawa bubur kacang abang, nalika piyambakipun ngrebat hak pambarep saking kangmasipun. Mekaten ugi prastawa apus – apus ana wulune, piyambakipun ugi ngrebat berkah ingkang sejatosipun kangge kangmasipun. Pigesanganipun Yakub salajengipun kalimputan raos ajrih, ngrumaosi gesangipun kekuya – kuya, amargi lampahipun ing mangsa ingkang kapungkur. Ing sauruting lampahipun tumuju Tanah Kenaan, Yakub pinanggih kaliyan malaekating Allah kang wusananipun paring kekiyatan supados wantun ngadepi lan “berdamai” kaliyan mangsa ingkang sampun dipun lampahi. Yakub damel cara kangge ngadepi kangmasipun inggih punika mbagi rombonganipun kadadosaken kalih pantha, lan ngaturi pisungsung rumiyin kangge kangmasipun sakderengipun sami adep – adepan sacara langsung. Kanthi pisungsung ingkang dipun aturaken dhateng Esau, Yakub gadhahi pamanggih bilih Rama Esau saged lilih manahipun.

Menapa kita sampun “berdamai” kaliyan mangsa ingkang kapungkur? Menapa kita taksih ngraosaken sakit manah, semplah, gadhahi raos lepat,  ngantos samangke? Gesang salebeting kenangan pait lan tansah ngemut – emut lelampahipun ing mangsa kapungkur saged dadosaken gesang ingkang mboten tentrem wonten ing manah. Sumangga kita nyuwun tuntunan lan panguwaos saking Sang Roh Suci supados kita dipun sagedaken nguwalaken raos kapaitan menika, saengga kita saged “berdamai” kaliyan diri kita piyambak lan mangsa ingkang sampun kalampahan. Amin. (Itha)

“Punapa ingkang sampun kelampahan ing gesang kita boten kandhek dados kenangan nanging ugi dados piwucal”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak