Tiyang Manca Renungan Harian 13 Oktober 2019

13 October 2019

Waosan : Lukas 17 : 11 – 19 | Pamuji : KPJ 357
Nats : “Nuli nyungkemi padane Gusti Yesus, ngunjukake panuwun. Mangka iku wong Samaria.” (ayat 16)

Kados pundi raosipun menawi kawontenan kita kakiwakaken dening tiyang sanes ? Temtunipun kita ngraosaken nelangsa. Asring manungsa
punika ngasoraken sesaminipun, inggih punika tiyang ingkang mboten nggadhah bandha, tiyang ingkang nggadhahi kalepatan lan tiyang ingkang nandhang sesakit taunan. Tiyang-tiyang kados mekaten kaanggep saweg nampi bebendu saking Gusti Allah. Tiyang ingkang ngesoraken sesaminipun punika rumaos piyambakipun langkung sae katimbang tiyang-tiyang punika. Mekaten ugi ingkang dipun alami dening sadasa tiyang ingkang nandhang sakit budhugen. Sadasa tiyang punika mboten saged gesang sesrawungan kaliyan tiyang kathah. Awit kawontenanipun saged dados ancaman. Pramila, sadasa tiyang punika dipun-asing-aken.

Ing waosan punika wonten bab ingkang wigati sanget. Ingkang sepisan, sadasa tiyang budhugen punika saged gesang sesarengan kanthi rukun.
Sinaosa, sadasa tiyang punika saking kelompok ingkang saling bertentangan, inggih punika tiyang Samaria ingkang sinebut tiyang
ngamanca kawontenanipun katampik dening tiyang Yahudi. Lumantar sesakit punika tuwuh kekiyatan ageng ingkang ndhadosaken satunggal
kaliyan satunggalipun saged “solider”, inggih punika raos senasib sepenanggungan. Mboten wonten malih tembok pemisah ing antawisipun
sadasa tiyang punika. Ingkang kaping kalih, inggih punika sikapipun tiyang Samaria ingkang ngluhuraken lan ngunjukaken panuwun dhumateng Gusti
Allah, sasampunipun saras saking sakitipun. Tiyang Samaria punika mboten preduli kaliyan “label” ing piyambakipun. Temtunipun, babagan punika
ngagetaken sanget awit ingkang wangsul dhateng Gusti Yesus malah tiyang Samaria ingkang sinebut “tiyang manca”.

Pengalaman ingkang kados mekaten saged ugi kita alami ing gesang kita. Mbokbilih kita nate ngraosaken ditolak utawi dipandang sebelah mata,
sampun ngantos ndhadosaken kita pedhot pangajeng-ajeng dhumateng Gusti Allah. Malah kahanan punika saged dados satunggaling pengalaman
iman lan saged dados dhasar anggen kita tansah ngunjukaken raos sokur lan panuwun ing ngarsanipun Gusti Allah. (RA).

“Aja mbedakake marang sapadha-padha”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak