Waosan : Yesaya 5 : 8 – 23 ǀ Pamuji : KPJ. 403 : 2, 3
Nats: Nanging Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal kacetha anggone mahaluhur ing sajrone kaadilane, lan gusti Allah Kang Mahasuci bakal ngatingalake kasucene ing sajroning kabenerane. [ayt. 16]
Kathah tiyang sami ngajeng-ajeng tuwuhing ewah-ewahan ing gesangipun, tumuju dhateng kawontenan ingkang langkung sae. Pangajeng-ajeng punika ndadosaken tiyang sami sengkut migunakaken sedaya kesagedan, wekdal, saha tenaga kangge nindakaken pakaryan. Kanthi pangajab, lumantar panyambut damel punika berkahipun Gusti Allah saged katampi saha karaosaken, saged nyekapi sedaya kabetahaning gesang. Nanging eman, boten sekedhik tiyang ingkang langkung remen milih margi nyimpang kangge mujudaken ewah-ewahan ing gesang. Margi ingkang nyimpang punika padatanipun kaanggep cepet, Instan. Punapa malih jaman modern ndadosaken manungsa sami dipun kuwaosi budaya instan, sarwi cepet, sarwi kilat. Sikep sabar saha tumemen sampun kareridhu dening tumindak “nyidhat dalan” utawi mengambil jalan pintas.
Lampahipun sejarah gesang umat Israel ugi dados kaca benggala wolak-waliking gesang manungsa. Awit sasampunipun nampeni gesang anyar inggih punika kamardikan saking Gusti Allah, bangsa punika ugi nate ngalami gesang ingkang awrat. Bangsa Israel gentos dipun kuwaosi dening bangsa sanes, kecalan kamardikanipun. Kawontenan punika kedadosan krana umat Israel boten nindakaken kasetyanipun dhateng Sang Yehuwah. Pramila umat Israel nampi bebendu. Nabi Yesaya nyathet perkawis punika. Nalika umat Israel purun ngatingalaken malih anggenipun nindakaken katresnan saha kasetyan dhateng Gusti Allah, mbangun miturut dhateng dhawuhipun Sang Yehuwah, Gusti Allah boten badhe kendel. Gusti Allah ing salebeting kasetyan saha katresnanipun nimbali lan nangekaken bangsa punika.
Ing satengahing perjuwangan kita makarya mbangun gesang ingkang sae, Gusti Allah kersa mitulungi saha nyagedaken kita. Panjenenganipun punika Gusti Allah ingkang mboten namung nengga thenguk-thenguk kemawon, ananging tansah makarya tumrap manungsa. Samangke kados pundi responipun kita dhumateng Gusti Allah? Punapa kita tetep tresna lan setya dhateng Gusti Allah? Ingkang baku, Gusti Allah boten nate nggegem tangan, nanging tansah makarya senadyan manungsa nyingkur Panjenenganipun. Amin [pong]
“Kang becik pikantuk ganjaran, kang ala pikantuk paukuman, rahayu tiyang kang ngupadi kasampurnan”