Pilih Mandor Apa Tukang? Renungan Harian 25 Agustus 2019

25 August 2019

Waosan : Yesaya 58 : 9b – 14 | Pamuji : KPJ 339 : 1 – 3
Nats : Sira bakal kasebut “kang ndandani tembok kang jebol” (ayat 12b)

Ing bab pembangunan, tiyang ingkang remen dados mandor rumaos langkung sekeca pedamelanipun tinimbang dados tukang. Menawi dados tukang ketingal langkung rekaos. Mandor ingkang maringi pangenget lan semangat. Tukang ingkang nindakaken pedamelan kang sae. Mandor lan tukang tansah sangkul sinangkul ing pedamelan mbangun supados bangunanipun saged enggal rampung.

Yesaya mawartosaken prajanjinipun Gusti Allah, inggih punika berkahipun Gusti tumrap sinten kemawon kang gesang nglampahi karsanipun, gesang ing salebeting katresnan, boten negakaken liyan, lan asring paring pitulungan tumrap sepepadhanipun (ayat 11). Menawi bangsa Israel kang wangsul saking Babel punika saged mratelakaen dawuhipun Gusti, Allah bakal paring wegdal kangge bangsa Israel sangkul sinangkul mbangun nagari lan kitha Yerusalem kang sampun katumpes Prabu Nebukadnezar (568 SM). Sejatosipun boten namung bab mbangun kitha mawon kang kedah dipunlampahi bangsa Israel wegdal semanten. Bangsa Israel kedah saged dados “mandor lan tukang” ing babagan tata manembah Gusti ingkang kados dipunkersakaken ( ayat 9b-10).

Gesang miturut piwucalipun Gusti Yesus ing wegdal samangke, ugi taksih lan tansah mbetahaken karukunan lan katresnan, sesarengan mlampah ing ngarsanipun kanthi pitados bilih sinten ingkang dados “mandor” lan sinten ingkang dados “tukang” boten tansah kumeren setunggal ing setunggilipun. Para pendita, guru Injil lan anggota MJ ingkang kadapuk mucal sabdanipun Gusti kadosdene mandor kang nguwuh-uwuhi para tukang inggih punika warganing pasamuwan GKJW kalebet dirinipun mandor wau piyambak, kedah saged netepi sangkul sinangkul mbangun GKJW kanthi rukun. (tes)

“Dhuh Gusti, kula nyuwun rukun”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak