Waosan : Lelakone Para Rasul 17 : 1 – 9 | Pamuji : KPJ 448
Nats : “Nanging wong-wong Yahudi iku padha panas atine …… gawe geger sarta ngisruhake kutha kono,.” (ayat 5)
Kita asring mireng lan mirsani saking media, pawartos tiyang-tiyang ingkang tumidhak anarki, ndamel kisruh ing satengahing masyarakat. Tiyangtiyang wau biasanipun mbeta kajeng utawi penthungan kangge nggebug punapa kemawon ingkang wonten, sae punika kendaraan, kaca tokotoko, mekaten ugi fasilitas umum. Mboten namung punika, tiyang-tiyang wau tega lan metala nggebag tiyang sanes lan ngobong kendaraan. Tujuanipun nyebar raos ajrih dhateng sinten kemawon, lan supados punapa ingkang dados pengajengipun dipun turuti. Tamtunipun para pandherekipun Gusti wonten ingkang ngalami perkawis punika. Nggih, kawontenan ingkang mrihatosaken sanget.
Cara anarki ingkang kados mekaten kala wau nyatanipun mboten namung kita panggihaken ing jaman samangke. Ing jamanipun Rasul Paulus rikala ngabaraken Injil ugi kedah ngadepi perkawis ingkang sami. Ing waosan kita dinten punika nyariosaken ngingingi tiyang-tiyang Yahudi ingkang sami panas ing manah, damel geger lan ngisruh kutha, dipun biyantu kaliyan tiyang ala panunggalanipun tiyang rucah (preman). Tiyang-tiyang wau mboten remen kaliyan Rasul Paulus lan Silas ingkang ngabaraken Gusti Yesus minangka Mesias, ing Tesalonika. Tujuanipun supados saged ngadepaken Rasul Paulus lan Silas ing pangagenging negari lan dipun adili ing parapataning rakyat. Saking ngriku wonten Yason, ingkang nampi Rasul Paulus lan Silas, lan ugi sedherek-sedherek lintunipun ingkang nanggel lan paring jaminan.
Kita mboten saged selak bilih taksih wonten para tiyang ingkang mboten remen kaliyan para pandherekipun Gusti Yesus ing jaman sapunika. Caracara anarkis taksih dipun damel kangge ngancam supados ajrih. Mila saking punika kita sami kaajak tansah waspada. Ugi saged mbangun pasedherekan kaliyan “Yason-Yason” sanesipun, supados saged mbiatu kita. Amin (SWT).
“Aja nganti giris ing ati, yen ana kang tumindhak anarki”