Bacaan : Lukas 8 : 22 – 25 | Pamuji : KPJ 437
Nats : “…Panjenengane nuli ngandika:Pangandelmu iku ana ing ngendi? ..“(ayat 25a)
“Greja prasasat baita neng tangah samodra, Kristus kang dadya panutan enering lampahnya, samangsa prahara nempuh iman kudu kukuh, samangsa pedhut sumrambah aja gampang semplah, nadyan ombak mbilaeni aja cilik ati, wit Kristus pyambak kang nganthi mrih greja lestari” (KPK 310:3)
Asring anggenipun kita memuji lumantar pepujian punika saestu kanthi giyak-giyak temah kapirsanan saestu tatag anggenipun nglampahi gesang ing sadhengan kahanan lan prakawis. Punapa pancen makaten? Samangsa prahara nempuh punapa iman saestu kukuh? Samangsa pedhut sumrambah punapa saestu mboten gampang semplah? Samangsa ombak mbilaeni punapa saestu mboten cilik ati? (Mugi-mugi wangsulanipun “INGGIH”)
Cariyos ingkang kaserat ing waosan kita, mbok bilih minangka piwucal saha pitedah kagem para pendherekipun Gusti, nalika ngalami praharaning gesang. Kacariyosaken nalika para sakabat ngalami prahara ana ing tengahing samodra, para sekabat ngraosaken sumelang lan ajrih. Bab punika ingkang ndadosaken para sekabat sowan, ngwungu Gusti ingkang sakpunika lagi sare! Gusti ingkang kebag panguwaos lajeng ngleremake prahara punika, temah kahanan dados anteng – lan ing pungkasan Gusti ngandika tumrap para sakabat,”Pangandelmu iku ana ing ngendi?”
Lumantar seratan sabda punika, saestu kita saged sinau mligi kagem para brayat-brayatipun Gusti nalika ngalami werna-wernining prahara gesang, sae wonten gesang bebrayatan, ing papan pendamelan, ing pasamuwan, ugi gesang sesrawungan kaliyan tangga-teparo: (1) Sowan ing ngarsanipun Gusti – punika wujuding pasrahing manah ingkang namung gumantung dateng Gusti ing sauruting Gesang. (2) Iman ingkang Kukuh – nalika sampun pasrah wonten pitulunganipun Gusti, sumangga kapasrahan punika dipun-imani kanthi manteb lan jejeg, satemah praharaning gesang mboten ndadosaken para brayatipun Gusti dados nglokro lan kedho. Sugeng ngalami sadhengah prakawis sesarengan kaliyan Gusti Yesus…! (gus)
“Ing urip iku ana werna-wernining prakawis, nanging prakawis iku iso dadi sarana ‘sinau urip’ tan saya wicaksana”