Pengarep-arep, Pitulungan, lan Kaslametanku Renungan Harian 7 Juli 2019

7 July 2019

Waosan : Yesaya 66 : 10 – 14    I   Pujian  :  KPJ. 354 : 1, 2, 3
Nats:
“Padha bungah-bungaha bebarengan karo Yerusalem, lan surak-suraka marga saka Yerusalem” (ayat 10a).

Saperangan sadherek tani ing padhusunan sami ngeluh, bilih sakmenika angel pados tenaga kangge mbantu tetanen. Sebabipun, kathah tiyang enem ingkang sami nilaraken dhusunipun nuju kitha ageng kangge nglabuhi mujudaken pengajeng-ajeng utawi cita-citanipun, sebab kitha ageng langkung gadhah daya tarik katimbang dhusun.

Bab menika pancen mboten klentu, ananging eman, sebab langkung prayogi yen sesarengan mbangun dhusunipun supados ugi gadhah daya tarik mirunggan. Kabar ingkang mbingahaken, bilih samangke kathah tiyang enem ingkang kreatif mbangun dhusunipun kangge daya tarik wisatawan, arupi papan kangge selfi, rekreasi, kuliner, lsp.

Waosan kita menika maringi gambaran bab papan ingkang gadhah daya tarik, malah dados sumbering kabingahan. Swasana brayat ingkang gumbira ing ayat-ayat menika, mungkasi syair-syair bab Sion selaku pawestri lan ibu (49:14-23), ingkang samangke kapusataken dhateng anak-anakipun Sion (Galatia 4:26).

Perlu kita gatosaken, bilih ibukota menika saestunipun minangka sumber ingkang angka kalih, sanes ingkang nomer setunggal tumraping kekayaan lan panglipuran: sedaya menika pinangkanipun saking Gusti Allah, mekaten ugi bab dados ibu ingkang paring panglipuran (13). Mekaten ugi cetha tujuan lan papan pitulunganipun Gusti Allah: ‘iya kaya mangkono anggoningSun iki bakal nglipur sira kabeh; sira bakal padha dilipur ana ing Yerusalem’. Mekaten gambaran patunggilan ingkang gadhah sesambetan langsung kaliyan Gusti Allah.

Ing ayat 14 dipunsebut bab para abdi, inggih menika para tiyang ingkang nyembah lan taat namung dhumateng Gusti Allah. Para abdi menika badhe dipunparing nami enggal, minangka tandha miwiti gesang ingkang enggal (62:2). ‘Sira’ ing ayat menika ateges sedaya tiyang ingkang nilaraken Gusti Allah, lan badhe kasegeraken malih.

Yerusalem kagambaraken kados satunggiling ibu ingkang saweg menyusui lan nglipur para anakipun. Yerusalem badhe dados sumbering katentreman lan karahayon sarta dados panglipuran kangge sedaya tiyang ingkang nresnani Gusti Allah. Amin. (Esha).

“Sami tetunggilan dados paseksi”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak