Waosan : Lukas 9 : 21 – 27 | Pamuji : KPJ 113 : 1, 3
Nats : Kabeh banjur padha dipangandikani: ”Saben wong kang kepengin ngetutburi Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe, saben dina manggul salibe lan ngetutake Aku” [ayat 23]
Ing salebeting lowongan pendamelan, sampun limrah bilih instansi / perusahaan punika ngawontenaken sarat-sarat ingkang kedah dipun lampahi dening para pelamar. Sarat-sarat menika kados : minimal pendidikan, maksimal umur, kesehatan, lsp. Sarat-sarat punika dipun betahaken gegayutan kaliyan pendamelan ingkang badhe dipun lampahi kaliyan para pelamar. Tujuanipun supados punapa ingkang dipun ayahi saged kelampahan kanthi lancar lan sekeca. Dados pandherekipun Gusti Yesus wonten sarat-sarat ingkang kedah dipunlampahi. Sarat-sarat punika migunani kangge para pandherekipun Gusti supados tanggon ing sajroning panggodha. Kados ing waosan kita, Gusti Yesus paring piwucal bab sarat-sarat ndherek
Panjenenganipun inggih punika : Kaping sepindah, “nyingkur awake dhewe”. Tegesipun tiyang pitados kedah nglawan hawa nepsunipun lan boten gesang kadonyan. Sampun ngantos piyambakipun dados sandhungan ingkang ngundangaken cilaka kangge gesangipun. Kaping kalih, “saben dina manggul salibe”. Manggul Salib suraosipun kita saged ngadhepi tantangan lan pacoben kanthi manah ingkang bingah. Pitados bilih Gusti Yesus paring kakiyatan lan pitulungan sadengah kita ngadepi mawerni-werni tantangan lan pacoben. Kaping tiga, “ngetutake Aku”. Tiyang ingkang ngetut Gusti Yesus ateges siap ngadepi sedaya perkawis kanthi setya dateng Gusti Yesus. Piyambakipun nggadahi manah kang iklas, siap kecalan, utaminipun ngrucat kamanungsan lawas kang nemahi rusak awit saka anane hawa nepsu kang nasarake. Gusti Yesus nggulawentah dhateng para pandherekipun supados nglampahi pigesangan ingkang enggal, inggih punika gesang ing salebeting sikap lan karakter ingkang tansah dipun dhasari kabecikan, kayekten saha katresnan. Dados pandherekipun Gusti Yesus punika sanes ayahan ingkang gampil lan boten saged dipun lampahi kanthi setengah-setengah ing batos. Wonten perkawis ingkang kedah kita uwalaken anggen ndherek Panjenenganipun. Mangga kita tansah pitados bilih Gusti tuking kekiyatan saha pangrimatan kangge kita para umat kagunganipun. [mojo]
“Gesang nderek Gusti, setya ngabekti dateng Gusti selamining gesang”