Bacaan : Yehezkiel 3 : 12 – 21 ǀ Nyanyian : KPK 165
Nats : “He, anaking manungsa, sira wus Suntetepake dadi panjaganing turune Israel. Menawa sira krungu pangandikaningSun, wong-wong iku padha sira elingna awit saka asmaningSun” [ayat 17]
Kutipan novel The Time Keeper, ingkang kaserat dening Mitch Albom, seratan ing basa Indonesia kacetak dening penerbit Gramedia, mekaten: “Punapa panjenengan samangke mangertos? Menawi kawula dipunparingi wekdal ingkang tanpa winates, mboten wonten malih ingkang istimewa. Tanpa rumaos kecalan utawi pangorbanan, kita mboten saged ngajeni punapa ingkang kita ngadahi” (hlm. 288). Tumrap kita, punapa peparingipun Gusti ing gesang saben dinten? Kita, tiyang Kristen sampun katetepaken minangka keeper, tukang jaga (ayat 17).
Punapa ingkang kedah kajaga dening umat pilihanipun Gusti? Pangucap lan tumindaking gesang saben dinten. Pangucap lan tumindak ingkang kados pundi? Tiyang Kristen nampi timbalan njagi gesang amrih lestantun lan binerkahan ing Gusti (ayat 18).
Timbalan minangka tukang jaga, panjaga sejatosipun sanes wujuding peladosan ingkang awrat lan ewet dipun tindakaken, awit timbalan punika sampun lumrah katindakaken dening para tiyang sepuh. Njagi gesangipun sacara pribadi tetep negndelaken Gusti, njagi para putra tansah setya dhumateng Gusti ing pundi kemawon papan dunungipun lan njagi brayatipun ugi sesami gesang kanthi tentrem rahayu. Timbalan punika saged dipun wastani mboten awrat utawi enteng, awit (namung) ngelingaken supados pangucap lan tumindakipun tiyang ingkang kita elingaken tetep ing kajujuran lan kabeneran. Menawi kita sampun ngelingaken tiyang sanes supados tansah tumindak ing kasaenan, sami dene kaliyan njagi gesang kita binerkahan ing Gusti. Punapa mekaten? Menawi wonten tiyang ingkang tumindak awon, lajeng kita emutaken lan tiyang punika purun nilaraken tumindak awonipun, kita badhe binerkahan. Gampil to… [@@@]
“We did not choose to be the guardians of the gate, but there no one else” (Lyndon B. Johnson)