Tulung – Tinulung Renungan Harian 21 Mei 2019

21 May 2019

Waosan : Lelakone Para Rasul 11 : 27 – 30 | Pamuji : KPJ 157
Nats : “Para murid banjur padha mutus arep nglumpukake sumbangan miturut kekuwatane dhewe-dhewe, bakal dikirimake marang para sadulur tunggal pracaya ing Yudea.[ayat 29]

Ing Antiokhia kawitan tiyang pitados kasebat Kristen (ay 26). Gesangipun pasamuan karaosaken kiat lan raket ing antawisipun warga pasamuan karana ing antawisipun tiyang pitados sami gesang tulung – tinulungan. Salah satunggaling tiyang ingkang remen atur pitulungan menika Barnabas. Barnabas boten eman nyadhe griya lan tanahipun, lajeng arta hasil anggenipun nyadhe griya lan tanah menika dicaosaken ing ngarsane para rasul (PR 4:34) supados saged lantaran berkah ing peladosan. Tumindak Barnabas ingkang nedhaaken kamirahan menika kalajengaken dening para sakabat ingkang pitados dateng Gusti. Para sakabat sami paring pitulungan kagem sederekipun ing Yudea kalayan nyaosaken sumbangan miturut kekiyatanipun piyambak-piyambak. Pitulungan punika saged kalaksanan karana patunggilan ing Antiokhia ingkang nganggep samubarang menika dipunduweni sesarengan.

Gesang kanthi paring pitulungan punika sejatosipun ugi kawujudaken ing salebeting Greja Kristen Jawi Wetan. Kalayan ngugemi sesanti “Patunggilan Kang Nyawiji”, pasamuan diarahaken saged tulung-tinulung lan ngangkat sesarengan kabetahane pasamuan sak-GKJW. Salah satunggaling pitulungan punika bab dana panyengkuyungan 30% ingkang kaaturaken dening Majelis Agung. Panyengkuyungan punika supados saged nggendong indet kabetahanpun pasamuan ingkang tasik dereng saged kalenggahan pandeta karana perkawis dana. Lan sakpunika sampun kawujud, pasamuan ingkang lami komplang sampun kalenggahan pandita.

Lumantar waosan punika cetha sanget bilih paring pitulungan dadosaken pasamuan kiyat. Karana atur pitulungan punika wujudipun raos preduli ing patunggilan. Pramila ing salebeting greja, mangga kita mbudidaya ing bab tulung-tinulung tumindak ingkang sae. Ing salebeting greja, swawi kita nggadahi timbalan ingkang sami kalian tiyang pitados ing Antiokhia, tansah gesang kanthi tulung-tinulungan, awit menika ingkang dados kersanipun Gusti dateng kita sedaya. Amin [Ven]

“Urip ing pasamuan becike tansah tulung – tinulung”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak