Waosan : Lukas 22 : 1 – 13 | Pamuji : KPK 125 : 1 – 3
Nats : … sebab wong – wong mau padha wedi karo rakyat [ayat 2]
Raos ajrih wonten ing salebeting manahipun manungsa kasebabaken dening maneka warni perkawis. Ananging limrahipun tansah kagandhengaken kaliyan wekdal ing tembe ngajeng. Kados kondisi ingkang saya mrihatosaken utawi lelampahan ingkang boten saged dipun tampeni dening manah. Karana mekaten lajeng raos ajrih saged ndadosaken manungsa nilaraken kayektenipun lan pungkasan nindakaken lampah ingkang boten leres supados punapa ingkang dipun ajrihi boten siyos kelampahan ing wekdal ngajeng.
Botena namung ing jaman modern, kawonten punika ugi kalampahan nalika wonten ing jamanipun Gusti Yesus. Sayektosipun para imam lan para ahli toret pirsa sinten Gusti Yesus punika. Ananging karana ajrih sepisan dhateng masyarakat mekaten ugi ajrih kecalan kalenggahan lan kawibawan lajeng ndadosaken piyambakipun lan sak koncoan ngrancang tumindak ala inggih punika ngrancang raja pati nyedani Gusti Yesus. Rancangan ingkang kados mekaten gampil sanget anggenipun manggihaken margi, amargi iblis mesthi bakal tumut ngrencangi supados tumindak ala punika saged enggal kelampahan. Kacariyos ing ngriku iblis migunaaken Yudas Iskariot minangka sarana lan margi anggen ngawiti nyedani Gusti Yesus.
Pancen sedaya tiyang nggadhahi raos ajrih ing manahipun. Kwatir lan sumelang tumrap kawontenan ing tembe ngajeng. Ananging sejatosipun raos ajrih punika saged dados kakiyatan bilih manungsa saged “mengelola raos ajrihipun” kanthi wicaksana. Gampilipun inggih punika “SING TENANG…” sampun ngantos gupuh. Perangan utami ingkang kedah kita lampahi inggih punika sampun ngantos kita nyedani Gusti lan ndadosaken Panjenengane ical saking gesang kita, ananging sumangga kita nyumendheaken dhiri dhumateng kawisesan lan katresnanipun lan ndadosaken Panjenengane tansah gesang wonten ing kita. Amargi Gusti kita Yesus Kristus punika sumbering pitulungan. Amin. [GaSa]
“Aja wedi! Gusti nganti!”