Waosan : Yosua 4 : 14 – 24 | Pamuji : KPJ 212 : 1 – 3
Nats : “…, iku supaya sakehe bangsa ing sajagad ngawruhana yen Astane Sang Yehuwah iku kuwasa,…“ [ayat 24]
Bal angin, kados bal volley, sepak bola, lsp., menika nembe saged dipun ginakaken nalika dipun isi angin. Mnawi mboten kaiisi angin inggih mboten saged kaangge olahraga. Bal, menika satunggaling barang ingkang saged ngembang dados ageng nalika dipun isi angin, menawi mboten kaiisi angin inggih namung nglempet kemawon. Angin lan bahanipun bal sami pentingipun. Wonten angin nanging menawi bahanipun mboten sae, bal saged bocor lan kempes nalika dipunginakaken. Mekaten ugi sanadyan bahanipun sae, nanging mboten kaisi angin inggih sami kemawon. Supados migunani, dipun sepak lan dipun gepuk saged mendal, angin lan bahan bal mboten saged dipun pisahaken.
Senapati Yusak menika nyekseni kadospundi pakaryanipun Gusti maringi berkah pitulungan lan kaendahan mukjizat ing gesangipun. Ngraosaken piyambak bilih dipun tresnani Gusti mboten ndadosaken Senapati Yusak gumunggung. Kinajrihan dening asanes mboten ndadosaken Senapati Yusak gumedhe, ananging ndadosaken Senapati Yusak ngraos prelu mbabaraken kasaenanipun Gusti menika dhateng para tedhak turunipun Israel lan saindenging jagad. Mbok bilih saged kita upamekaken kados dene bal kala wau. Senapati Yusak rumaos bilih sagedipun ngembang ageng lan miguna menika saking berkahipun Gusti, kados angin ingkang kaisekaken dhateng bal menika. Inggih menika ingkang ndadosaken Senapati Yusak dados priyagung awit binerkahan sih kadarmanipun Gusti.
Kita kaatag sami ngrumaosi bilih tanpa sihing Gusti kita mboten badhe saged menapa-menapa. Kados bal tanpa angin. Tamtu mboten namung Senapati Yusak ingkang ngraosaken berkahipun Gusti. Saben umatipun inggih diberkahi Gusti, kalebet kita. Mila sumangga kita wiwit nyariosaken pakaryaning Gusti dhateng brayat
kita piyambak-piyambak. Tiyang sepuh dhateng para putra, para putra dhateng sedherek lan tiyang sepuh, temah saben brayat sami ngawruhi kasaenaning Gusti ing gesangipun.[DW]
“…, supaya anak-putu … padha gumregah lan nyaritakake marang anak-anake,..” [Jab 78: 6]