Ngrungokake Renungan Harian 25 Maret 2019

25 March 2019

Waosan : Yeremia 11 : 1 – 17 | Pamuji : KPJ 435
Nats : “Rungakna dhawuhingSun lan lakonana kabeh kang Sun dhawuhake marang sira, temah sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahira…[ayat 4b]

Wonten sawetawis tiyang ingkang remenipun wicanten, ananging mboten purun mirengaken menawi tiyang sanes wicanten. Patrap ingkang mekaten mboten badhe dadosaken tiyang thukul wawasan, imani saha mentalipun.

Waosan kita menika salah satunggaling pepenget ingkang dipun aturaken dening nabi
Yeremia awit bangsa Yehuda sampun mboten mirengaken dhawuhipun Allah. Bangsa punika sampun nglirwakaken prasetyanipun Allah wonten ing redi Sinai, blenjani janji, lan mboten setya dhumateng Allah kanthi sekuthon awon (9), mangsuli pialaning para leluhuripun lan ngetut wingking allah sanesipun (10). Awit dosa punika Allah dhawahaken ipat- ipat inggih punika bilai (17).

Awit dosanipun ingkang ageng, ngantos Yeremia mboten dipun keparengaken dongakaken bangsa punika( 11:14 ). Bangsa menika gesangipun remuk. Dipuntebus kalian punapa? Dipun tebusa kalian punapa kemawon Allah mboten kersa. Rupinipun Allah mboten kersa mirengaken panyuwunipun bangsa punika ngantos nadar-nadar lan daging suci mboten saged milujengaken (11:15). Kenging punapa Allah mboten kersa? Awit Allah pirsa bilih punika namung sadrema lambang ritual kemawon. Allah ngersakaken tanggeljawab moral saha karohanen ingkang tulus lan jujur wonten ing prasetyan punika.

Saestu indah lan bingah gesang ing jaman kanugrahan punika. Awit punapa? Awit margining gesang kawilujengan wonten ing dalem asmanipun Gusti Yesus. Wonten ing sang Kristus mboten perlu korban obaran awit sang Kristus piyambak korban ingkang sampurna. Gusti Allah wonten ing sang Kristus nepangaken pribadi ingkang lembah ing manah, sabar, kebak katresnan. Mila sumangga kita sami ngecakaken :
• Mirengaken dhawuhipun Gusti, ngestokaken prasetyanipun lan mboten blenjani janji kanthi sekuthon lan manembah allah sanesipun.
• Mboten gesang sawiyah-wiyah, lan sakpikajeng kita.
• Saos sukur wonten ngarsanipun Allah ngaosi peparingipun wonten ing kawontenan bingah-sisah, sehat-sakit, kaluberan-lan kacingkrangan. Nebihaken panggrundel lan panggresah.
• Mirengaken kanthi batos wening badhe dadosaken samukawis perkawis indah lan nengsemaken. Gusti berkahi. [jian]

Kersa mirengaken, ngajeni tiyang sanes

Renungan Harian

Renungan Harian Anak