Manungsa Iku Winates Renungan Harian 01 Pebruari 2019

1 February 2019

Waosan : 2 Babad 35 : 20 – 27
Pamuji : KPJ 63
Nats : “…..dadine ora karsa migatosake marang pangandikane Sang Prabu Nekho, kang dadi pepengeting Allah. Sang Prabu Yosia banjur lumawan perang ono ing lebak Megido.” [ayat 22]

Ing Piala Dunia 2018, kathah sanget negara ageng ingkang sampun kasuwur bal- balanipun saged kawon ing babak penyisihan. Salah satunggaling analisa kenging punapa negara-negara maju punika saged kawon, awit anggenipun tandhing namung ngandelaken sawetawis pemain ingkang sampun kasuwur naminipun kados Ronaldho ing Portugal lan Lionel Messi Ing Argentina. Kamangka pemain-pemain kasuwur punika nggih sami manungsa limrah ingkang winates.

Prabu Yosia punika raja Yehuda ingkang mursid. Wonten ing salebeting ppaprentahanipun Prabu Yosia, bangsa Yehuda saged pulih sak sampunipun dipun jajah dening bangsa Babil. Nalika jaman Prabu Yosia, Bait Allah ingkang sak derengipun risak saged kabangun malih kanthi sae. Riyadin Paskah ugi saged kalampahan kanthi khidmat lan langkung ageng. Nanging emanipun Prabu Yosia dhawah kados para leluhuripun utawi raja- raja sak derengipun. Rumaos gadhah kuwaos lan ngandelaken kakiyatanipun piyambak, ugi ngandelaken kakiyatanipun bangsa sanes ingkang langkung adidaya lajeng nyingkur Gusti Allah lan boten mirengaken pangandikanipun Gusti. Pungkasanipun lajeng seda nalika perang kaliyan Nekho Prabu Mesir wonten ing Megido. Punika dadosaken bangsa Yehuda ngraos prihatin lan kecalan pangajeng-ajeng.

Kita punika manungsa limrah. Kita punika namung titah sawetah ingkang katimbalan madhep mantep manembah kanthi pasrah dhumateng Gusti. Sejatosipun rikala kita mboten pasrah dhumateng kersanipun Gusti punika sampun kalebet nentang Gusti Allah. Kita tamtunipun purun bilih sadaya ingkang sampun kita lampahi kanthi sae lan becik saged tuwuh dados berkah ingkang sumrambah ing gesang kita lan ugi sadaya titahipun Gusti. Mila sumangga wonten ing padintenan sampun ngantos kita gumunggung, ngandelaken diri kita piyambak, ananging sageda tansah pasrah sumendhe dhumateng Gusti lan tansah ngandelaken kakiyatan saking Gusti Allah kemawon. [M@ul]

Minangka tiyang pitados kedah tansah ngandelaken Gusti

Renungan Harian

Renungan Harian Anak