Waosan : Lelakone Para Rasul 10 : 44 – 48 | Pamuji : KPJ 357
Nats : “Delengen, wong-wong kuwi iya padha nampa Rohe Pangeran, ora beda karo kita...“ [ayat 47a] (terj.Bhs Jawa 1994)
Tuhan cinta sgala bangsa, sgala bangsa di dunia Hitam, putih, kuning, merah, semua dicinta Tuhan Nanti trima keslamatan slamanya
Lagu anak-anak ing nginggil kepireng sederhana. Lumantar lagu punika kita katedahaken bilih katresnaning Gusti Allah punika mboten mawang tiyang – Suku, Agama, Ras-ipun. Ingkang dados pangajeng-ajeng endah,kaserat ing pungkasaning lagu, bilih sedaya badhe nampi kawilujengan langgeng.
Iba endahipun menawi sedaya saged kagungan pemanggih ingkang mekaten. Awit menawi kita gatosaken kasunyatan samangke, ingkang kelampahan inggih kosok wangsulipun. Kathah tiyang ingkang cecongkrahan awit wontenipun ‘perbedaan’. Conto sepele kemawon, menawi kita gatosaken ing Sepak Bola Indonesia, kathah sanget korban supporter ingkang pejah lan cacat amargi dipunkroyok dening suporter club sanesipun. Mekaten ugi ing babagan politik, kathah sanget conto ingkang nedahaken kados pundi beda punika dados sarana ngasoraken ‘lawan politik’.
Ing tahun politik samangke, waosan dinten punika ngatag kita supados saged mapanaken dhiri kanti leres, kados ingkang kadhawuhaken dening Rasul Petrus tumrap warga Kaisarea :
1. Gusti pancen nitahaken kita kanthi mawarni-warni kawontenan. Ananging, sedaya kala wau sanes alasan supados kita saged mbenten-mbentenaken setunggal lan setunggalipun. Punapa malih cecongkrahan awit sedaya beda. Kosok wangsulipun, beda kala wau saged dados sarana ‘saling melengkapi’.
2. Pakaryaning Gusti mboten saged dipun watesi. Karsanipun Gusti mesti badhe kelampahan lumantar sok sintena kemawon ingkang dipun kersakaken. Pramila sampun ngantos kita gumunggung punapa malih ngasoraken tiyang, golongan, utawi agami sanes.
Kluwung ketingal endah mboten karana kawangun dening setunggal warni kemawon. Ananging karana kathah warni ingkang lumampah sesarengan kanthi ukuran ingkang sami. Samanten ugi gesang kita ing donya, sanadyan benten-benten ananging sami ajinipun ing ngarsaning Allah. [Why]
“Pakaryaning Allah mboten saged winatesan sedaya beda”