Migunakake Mangsa Becik Renungan Harian 1 Januari 2019

1 January 2019

Waosan : Kohelet 3 : 1 – 13 |   Pamuji : KPJ 390
Nats: “Samubarang kabeh katitahake endah ing wayah kang wus kapesthekake,”[ayat 11]

Tanpa dipun jarag / sengaja dinten menika kita lumebet ing warsa 2019. Purun boten purun kita tetep mlebet taun utawi wektu tuwin mangsa ingkang enggal menika. Boten wonten ingkang saged nampik mlebet taun 2019 utawi tetep manggen ing taun 2018. Taun utawi wancinipun sampun kapesthekaken. Boten wonten satunggal kemawon ingkang pirsa kanthi taliti lan rinci menapa ingkang badhe kelampahan ing taun 2019 menika. Mesthi badhe wonten prekawis-prekawis sae ingkang badhe kelampahan, lan mesthi wonten prekawis-prekawis boten sae ingkang ugi badhe kelampahan ing taun 2019 menika. Nadyan wonten prekawis-prekawis boten sae ingkang mesthi badhe kelampahan, kita kedah nglampahi taun 2019 menika.

Waosan kotbah kita dinten menika nedahaken bilih ing saben taun lan saben wayah mesthi wonten prekawis-prekawis positif (sae) lan prekawis- prekawis negatif. Wonten lair, tegesipun gesang, lan wonten wanci pejah. Wonten wancinipun nanem, lan wonten wancinipun njebol taneman. Wonten wancinipun nggujeng lan wonten wancinipun nangis, lan sapiturutipun. Menawi ingkang positif saben tiyang mesthi remen. Prekawisipun mesthi wonten ugi ingkang negatif, ingkang boten saged dipun inggati. Prekawisipun malih, boten wonten tiyang ingkang saged nyumurupi kapan wancinipun prekawis negatif menika kelampahan. Ewasamanten, ing titi wancinipun Gusti Allah mesthi nitahaken prekawis ingkang endah (3:11a).

Pramila saking menika, sawanci-wanci prekawis positif menika kelampahan, prayoginipun kita lampahi kanthi wicaksana lan temen- temen. Samangsa taksih gesang, mangga kita iseni lan lampahi gesang kita kanthi prekawis-prekawis ingkang piguna; karana boten mangertos kapan wancinipun kita mesthi pejah. Samangsa saged nggujeng, nggih nggujeng kemawon; karana kasedhihan mesthi badhe kelampahan. Samangsa wonten wanci kangge nanem utawi makarya (usaha), nggih kita nanem kemawon kanthi sengkut; karana wancinipun boten saged nanem mesthi badhe kelampahan. Lan sapiturutipun, supados sampun ngantos kita getun ing tembe. Gbu. Amin. [st]

“Mokal bisa mbaleni apa sing wis kelakon”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak