Waosan : 2 Babad 24 : 15 – 27 | Pamuji : KPJ 225
Nats: “….Yagéné sira padha nerak pepakèné Yéhuwah, nganti sira ora kadunungan kabegjan ?” [ayat 20]
Lumebet ing wulan Desember, limrahipun sampun miwiti lumebet mangsa rendheng, jawah sampun mélai adreng. Ingkang nguwatosi menawi jawah punika sinarengan kaliyan lésus, inggih punika angin ageng.Ingkang murugaken kathah wit-witan sami juwal, ambrug ngantos jebol sa’oyot-oyotipun. Biasanipun wit-witan ingkang ngantos saged juwal punika inggih wit-witan ingkang oyotipun namung oyot rambut utawi oyot srawut (akar serabut). Bènten kaliyan wit-witan ingkang nggadhahi oyot lajer (akar tunggang/ tunggal), senaosa wonten udan-angin umumipun badhé kiyat, boten ambruk lan badhé juwal, paling-paling namung semplah pangipun.
Prabu Yoas, kadosipun sami kaliyan wit-witan ingkang nggadhahi oyot srawut. Kapribadènipun boten jejeg, punika ketawis sa’sampunipun imam Yoyadha tilar-donya. Prabu Yoas kèli, anut-grubyug kaliyan ujuk-ujukanipun para penggedhé Yehuda. Lan punika ndadosaken sedaya sami gesang nilar lan nyingkur pepakènipun Sang Yéhuwah. Senaosa sampun dipun èngetaken para nabi lan ugi Zakharia, putranipun imam Yoyadha, éwasemanten Prabu Yoas boten purun mratobat. Mila lajeng katumpes lumantar bangsa Aram, lan ndadosaken Prabu Yoas pejah.
Rawuhipun Gusti Yesus ing jagad ingkang kita pèngeti wonten ing pahargyan Natal, sejatosipun ndadosaken manungsa nggadhahi paugeran, gondhèlan lan kekiyatan ingkang sejatos. Panjenenganipun ingkang milujengaken kita menawi saweg tinempuh ing praharaning gesang. Kanthi mekaten gesang kita boten gampil ambruk lan juwal wit rubéda. Mila sampun sa’mesthinipun menawi kita saèstu-èstu “ngoyot ingkang lajer” ing iman kapitadosan dhumateng Gusti Yesus. Mliginipun menawi saweg ngadhepi rubéda lan praharaning gesang.Supados kita sami tampi kawilujengan saé ing gesang samangké tuwin ing tembé. [wn]
“Wong duraka nandhang perih akèh, nanging kang kumandel marang Sang Yehuwah iku mesthi kinubengan ing sih-rahmat.” (Jabur 32: 10)