Sampun Lunas Renungan Harian 20 Desember 2018

20 December 2018

Waosan : Ibrani 10 : 11 – 18  |  Pamuji  :  KPJ 84 : 1, 2
Nats: “Ingsun bakal maringi angger-anggering Sun ana ing atine, sarta Sunserat ana ing budine, sarta Ingsun ora ngenget-enget maneh marang sakehing dosa lan panerake.” [ayat 16b – 17]

Wonten salah setunggaling acara TV inggih menika LUNAS. Ing acara menika kacariosaken wonten satunggaling bapak  ingkang boten saged nglunasi utangipun. Lajeng dugi tukang tagih utang ingkang nyuwun supados utang menika enggal dipunlunasi supados sedaya perabot ing griyanipun boten dipun sita. Ing satengah-tengahing manah ingkang sisah, bingung lan kuwatos, dugi tiyang ngagem rasukan pethak maringi  pawartos sarta bukti kuitansi bilih sedaya utangipun bapak menika sampun dipunbayar lunas. Temtu menika dadosaken kabingahan ageng. Mila boten kirang-kirang bapak menika anggenipun ngaturaken panuwun dan saos sokur.

Kawontenaning manungsa saksampunipun dhawah ing dosa, tebih saking Gusti Allah. Manungsa kedah ngaturaken korban kangge mbirat dosa-dosanipun. Awit saking katresnanipun, Gusti Allah makarya, tedhak ing bumi lan manjalma dados manungsa ing Gusti Yesus. Selajengipun Gusti Yesus ngorbanaken Sariranipun kangge nebus dosa manungsa. Srana menika manungsa kaparingan kawilujengan. Karana menika Gusti ngendikan bilih boten badhe ngenget-enget malih sakathahing dosa lan panerak kita bilih kita mratobat ing ngarsanipun.

Krana Gusti Allah sampun nresnani kita lan nebus kita saking dosa, lajeng punapa ingkang sampun kita aturaken dhateng Gusti minangka tanda sokur kita? Kados tiyang ingkang gadhah utang lajeng dipunlunasi sedaya, kita kedah ngaturaken pamuji sokur lan panuwun. Gusti sampun ngapunten dosa lan panerak kita, mila kita kedah atur panuwun dhateng Gusti. Wujud pamuji sokur lan panuwun kita menika  gesang  ingkang setya dhateng Gusti. Kita purun mirengaken pangandikanipun Gusti sarta nindakaken karsanipun. Kita purun ngapunten tiyang ingkang kalepatan dhateng kita. Kita purun dedonga kangge tiyang ingkang nyengiti kita. Sedaya menika kita tindakaken kanthi dasar iman lan katresnan awit Gusti Allah sampun nglunasi sedaya dosa kita sarta maringi sih rahmatipun kangge kita. [AR]

“Payo padha ngupaya bab pangapunten karana Gusti sampun paring pangapunten!“

Renungan Harian

Renungan Harian Anak