Waosan : Maleakhi 4 : 1 – 6 | Pamuji : KPJ 65
Nats: “balik sira kang pada wedi marang asmaningSun, bakal kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawe kawarasan ana ing swiwine“ [ayat 2 ]
Hari ini, hari ini, harinya Tuhan harinya Tuhan
Mari kita, mari kita bersuka ria, bersuka ria
Hari ini harinya Tuhan
Mari kita bersukaria
Hari ini, hari ini, harinya Tuhan
Inggih mekaten pethikan syair saking Kidung Ria no. 14. Saking tetembungan punika saged dipungambaraken bilih “dintenipun Gusti” punika dinten ingkang saestu bingahaken. Ananging menawi kita maos Kitab Maleakhi 4 saged dipunmangertosi bilih dintenipun Gusti menika saged dados dinten ingkang bingahaken, nanging ugi saged dados dinten ingkang kebak ing kasangsaran. Kenging menapa?
Sepisan, tembung “dintenipun Gusti” ing salebeting teks punika mratelakaken bab rawuhipun Gusti ingkang mungkasi jaman. Bab punika tamtu badhe kadadosan, ananging wekdalipun taksih misteri. Dinten rawuhipun Gusti punika dipun rumiyini kaliyan nabi Elia (ay.5) ingkang dipun mangertosi dados salah satunggaling caranipun Gusti nyawisaken batosipun umat kangge mratobat,ngajeng-ajengaken dinanipun Gusti (ay.6)
Kaping kalih, dintenipun Gusti saged dados bencana kangge para tiyang ingkang sembrana lan duraka. Kagambaraken kados dami kang dipun obong kaliyan geni bebendune Gusti Allah, nganti boten nyisakaken oyod lan pang-pangipun awit saking tumindak piawon punika (ay.1). Bab punika gegambaran kangge wekasaning para tiyang ingkang ala. Saestu ngajrih-ajrihi!
Kaping tiga, teks punika boten namung dados piweling ananging ugi nuwuhaken pangajeng-ajeng kangge tiyang ingkang ajrih asih dhumateng Gusti. Sinaosa kathah pacoban, ing dintenipun Gusti punika bakal mungkasi kasangsaranipun tiyang ingkang ajrih asih mring Gusti. Mila dinten punika bakal dados dinten ingkang kebak kabingahan tumrap para tiyang ingkang ajrih asih mring Gusti
Kita sedaya dereng sumerep kapan dinten rawuhipun Gusti. Ananging kita sami disuwun supados tansah setya tuhu mangun pigesangan kanthi budidaya kayekten, kasucen, lan ajrih asih mring Gusti. Satemah ing wekdal dinten rawuhipun Gusti boten dados bencana, ananging sageda dados kabingahan ingkang ageng kangge kita sedaya.[mojo]
“Sumangga nganti-anti dintenipun Gusti kanthi asukarena!!”