Waosan : 2 Samuel 2 : 1 – 7 | Pamuji : KPK 110 : 1 – 2
Nats: “Mulane Sang Yehuwah muga nandukna sih lan kasetyane marang sira. Ingsung uga bakal nandukake kabecikan iki marang sira, amarga sira wus nindakake prakara kang kaya mangkono.” [ayat 6]
Para pemimpin negari utawi daerah ingkang pinilih, saged dipun wastani “sukses” menawi saged mujudaken sedaya janji-janji ingkang kawedar nalika kampanye. Punapa malih bilih wujuding janjinipun kalawau migunani kangge warga sacara adil. Tamtu pemimpin punika badhe kawastanan pribadi ingkang wicaksana, pemimpin ingkang saged dados tuladha, pemimpin ingkang nindakaken karsanipun Allah lan tembung-tembung pangalembana sanesipun.
Daud ingkang kacariosaken ing waosan dinten punika, ugi kalebet pemimpin ingkang “sukses”. Patrap utami ingkang dipun tindakaken dening Daud punika asring boten dipun lampahi dening Saul. Daud tansah nyuwun pirsa dhumateng Allah sedaya perkawis ingkang kedah dipun lampahi wonten ing gesangipun. Daud nggadhahi paugeran bilih piyambakipun boten namun kepingin nampi warni-warni berkah kemawon, ananging ugi ngupadi supados tansah gesang miturut karsanipun Allah. Sanadyan sampun dados raja, Daud boten ngginakaken panguwaosipun tumindak punapa kemawon miturut pamikiranipun piyambak. Daud tansah nyuwun pitedah dhumateng Allah, supados namung karsanipun Allah kemawon ingkang kalampahan. Daud tansah sedya panggenan ing manahipun kangge Allah, ingkang tansah paring panganthi lan pangayoman.
Gesang kita kedah kados dene Daud ingkang ndadosaken dhawuhing Gusti Allah dados paugeran. Pedamelanipun Daud ingkang utami madosi karsanipun Allah, kanthi sabar ngentosi tumindaking kasaenan saking Gusti Allah sageda kalampahan ing gesangipun. Semanten ugi kita, pedamelan ingkang utami inggih pasrah dhumateng Gusti, inggih namung karsanipun Allah kemawon ingkang kalampahan ing gesang kita. Kanthi mekaten, kita tinebihaken saking piawon lan gesang kebak katentreman krana Allah tansah paring sedaya samukawis ingkang ndadosaken kita tuwuh sampurna.
Pangreh lan panuntune Gusti Allah ndadosaken kita saged ngetrapaken tanggel jawab dados rencang damelipun Gusti. Dados tuladha kangge sesami kalayan tumindak wicaksana dhumateng sedaya titah. Kawicaksanan kita kedah kajagi sarana tansah ngetrapaken sedaya dhawuhipun Allah wonten ing gesang kita. Amin [yohdik]
“Kinasihan ing Gusti, tinresnan ing sesami watek pradhah lembah manah”