Massa Renungan Harian 22 November 2018

22 November 2018

Waosan : Para Rasul 7 : 54 – 81a  |  Pamuji : KPJ 357
Nats: “Wong-wong nuli padha bengok-bengok ngebyuk……” [ayat 57]

Miturut bapak psikologi massa, Gustave Le Bon, massa punika tegesipun pakempalanipun tiyang utawi manungsa ingkang wonten ing papan lan wegdal ingkang sami lan kagungan pemanggih utawi point of interest ingkang sami nanging mboten mboten asipat langgeng. Pemanggih ingkang wonten ing pakempalan punika saged pemanggih ingkang sae, nanging ugi pemanggih ingkang awon. Conto menawi pakempalanipun kagungan pemanggih ingkang sae, umpaminipun sami paring pitulungan dhateng tiyang ingkang kenging bencana alam,  sami mirsani sepak bola lan sapiturutipun. Conto menawi pakempalanipun kagungan pemanggih ingkang mboten sae, umpaminipun sami nggebag maling utawi copet, njarah gadhahanipun liyan, ngrusak lan sapiturutipun. Menawi massa nindhakaken perkawis ingkang sae,  punika ndadosaken kabingahan, nanging menawi massa nindhakaken perkawis ingkang awon, tamtu punika ingkang mrihatosaken.

Kados ingkang kacariyosaken ing waosan dinten punika, Stefanus salah satunggaling pandherekipun Gusti Yesus dados korban kekerasan massa.Para tiyang wau sami katuwek penggalihipun lan sami kerot-kerot lan gregeten. Para tiyang sami bengok-bengok ngebyuk lan ngglandang Stefanus lajeng dipunbenturi sela. Ngadhepi massa ingkang kados mekaten, Stefanus namung saged pasrah wonten ing ngarsanipun Gusti, lan masrahaken rohipun. Mboten wonten tiyang ingkang mbela, sedaya nggadahi point of interest ingkang sami, inggih punika pingin mejahi Stefanus, kalebet Saulus.

Punapa panjenengan nate wonten ing satengah-tengahing massa ingkang nglampahi kekerasan, lan ugi nggadhahi point of interest ingkang sami? Pancen mboten gampil uwal saking perkawis punika. Nanging sumangga kita sami sadhar lan mawas diri,  supados kita mboten gampil ndherek anut grubyuk nindhakaken kekerasan. Amin. [SWT]

“Sami rukun ing pitepangan, lan sumanak ing rembagan”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak