Waosan : Rut 4 : 7 – 22 | Pamuji : PKJ 266 : 1
Nats: “Pinujia Sang Yehuwah, dene ing dinten punika kanthi legawaning panggalih maringi juru panebus dhateng panjenengan mugi namanipun dadosa misuwur wonten ing Israel. Lan piyambakipun ingkang badhe nglejaraken panggalih panjenengan saha ngopeni panjenengan ing wekdal panjenengan sampun uwanen, amargi mantu (Rut) panjenengan ingkang tresna dhateng panjenengan sampun nglahiraken jabang bayi ingkang aosipun nglangkungi anak jaler pitu.” (Ayat 14-15)
Emansipasi punika salah satunggaling upaya nggayuh hak ingkang sami kagem tiyang estri wonten ing salebeting gesang. Ing Indonesia, conto ingkang kasuwur nggih Kartini. Ibu Kartini ngupadi supados tiyang estri saged makarya kados dene tiyang kakung lan saged nampi pendidikan ingkang inggil. Nanging ing abad 21 punika kalebet ing negari Indonesia, sampun kathah tiyang estri dados pengajeng lan nggadhahi posisi penting. Wonten direktur, manager, walikota, gubernur, mentri ngantos presiden indonesia nate kapimpin dening tiyang estri. Pilkada gubernur 2018 ingkang kapilih nggih tiyang estri, nggih punika ibu Khofifah.
Ing tatanan tradisi Yahudi, tiyang estri kalenggahanipun winates sanget lan mboten istimewa kados dene tiyang kakung. Kalenggahanipun Rut ugi andhap. Piyambakipun tiyang estri lan kalebet bangsa asing (Moab). Ananging kawontenan punika mboten ndadosaken Rut tebih saking berkahipun Gusti Allah. Rut saged kawastanan tiyang estri ingkang mboten minderan, (3:1-15) katingal tumindakipun Rut manggihi Boas. Rut wantun mutusaken perkawis ingkang miturut pikajengipun sae (1:16-18), kasetyanipun Rut dhumateng Gusti Allah nuwuhaken pangertosan ingkang adi kagem mucal/nggulawentah putranipun Obed, matemah putranipun saged dados tiyang ingkang kasuwur, ngabdi marang Gusti. Pakaryan anak turunipun Rut nyata luhur awit panguwaosipun Allah.
Lumantar gesangipun Rut, kita saged mangertosi, bilih perkawisipun tiyang estri punika mboten namung perkawis nggayuh kalenggahan utawi pangkat inggil ing salebeting pendamelan (karir), ananging perkawisipun tiyang estri kados pundi saged dados tuladha kagem tiyang sanes,putra wayah, brayat, matemah lumantar piyambakipun tiyang lintu saged manggihi kabingahan. Ugi saking gesangipun katentreman saking Gusti Allah saged dados gegayuhan ingkang utami. Amin [ven]
“Gesang ingkang saged nurunaken pigesangan langkung adi”