Katresnan Ingkang Sejati Renungan Harian 12 November 2018

12 November 2018

Waosan : Rut 1 : 1 – 22  |  Pamuji : KPJ 120
Nats: “…Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula;… Pangeran Yehuwah mugi maringana paukuman dhateng kula, malah langkung saking punika, saupami kula ngantosa pisah kaliyan panjenengan, kejawi menawi pejah.”[ayat 16 – 17]

Nalika wonten pirembagan bab katresnan, asring ingkang wonten ing bayangan kita punika sesambetanipun antawisipun tiyang kakung lan tiyang estri. Bab punika ugi ingkang asring kula waos rikala taksih alit, salah satunggaling cariyos kanthi irah-irahan “Putri Tidur”. Wonten satunggaling lare estri ingkang pikantuk paukuman saking peri ingkang dipunarani Peri Cemeng. Paukuman punika kedadosan amargi sang peri punika sengit dhumateng tiyang sepuhipun putri kalawau. Ukuman punika nyebabaken putri punika tilem salaminipun. Putri punika saged luwar bilih wonten pangeran ingkang tresna lajeng ngambung sang putri. Ananging versi ingkang sanes(kanthi irah-irahan Maleficent) mbabaraken bilih sang putri luwar mboten amargi pangeran ananging amargi katresnanipun peri cemeng punika piyambak. Lare ingkang badhe nampi paukuman punika malah gesang sesarengan kaliyan sang peri cemeng. Cekak aosipun sang peri cemeng malah tresna dhumateng lare kalawau lan ngupadi supados lare menika saged luwar saking paukuman. Punika ingkang kawastanan katresnan sejati: ingkang ngupadi gesang.

Mekaten ugi Rut kaliyan Naomi ing waosan punika. Katresnan ingkang tuwuh ing gesangipun Rut mboten winates minangka sesambetan antawisipun putra mantu lan ibu marasepuh, ugi mboten winates bangsa lan agami. Katresnanipun Rut dhumateng Naomi inggih katresnan sejati ingkang mboten saged dipunpisahaken dening punapa kemawon kejawi pejah. Punapa ingkang dipunadhepi dening Naomi ugi badhe dipunadhepi dening Rut, bingah lan susah bakal dipuntampi kanthi tulusing manah angger Rut saged nresnani Naomi ngantos salaminipun. Bab ingkang mboten ngutamaaken untung rugi pribadi, nanging kados pundi supados saged nindakaken katresnan kanthi tulus,  supados kasaenan ingkang dipunalami saged ugi dipunalami tiyang sanes. Prayoginipun,katresnan menika ngupadi gesang lan mboten cuthel kajawi namung karanai pejah. [fani]

“Katresnan sejati iku tresna ingkang nggesangaken.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak