Urip Sing Pener Renungan Harian 8 November 2018

8 November 2018

Waosan : Roma 5 : 6 – 11  |  Pujian: KPJ  421
Nats: “Apamaneh saiki, kita wus padha kabenerake sarana rahe, wus mesthi bakal luput saka ing bebenduning Allah” [ayat 9]

“Aku kok iso kepilih dadi majelis to yo?” Mas Tri nggresah sakwise ana pengumuman hasil pilihan penatua lan diaken ing warta jemaat. Dheweke rumangsa isih enom, kurang pengalaman lan lakune isih ngiwa-nengen ora karuan. Pak nDhito ingkang wonten sebelahe lajeng ngandika; “Ya iso, ngono kuwi sing milih Gusti Allah, sampean mesti diproses, Mas.” Mas Tri manthuk-manthuk sajak ngerti, nanging isih ana rasa mangu-mangu ing atine.

Mbokbilih napa ingkang dialami dening Mas Tri kalawau ugi kita raosaken ing wekdal-wekdal menika. Nanging kita kedah enget bilih pigesangan kita minangka tiyang pitados menika langkung rumiyin sampun katimbalan lan kapiji nampi pirukun lan dados para putrane Allah. “Apamaneh saiki, kita wus padha kabenerake sarana rahe, wus mesthi bakal luput saka ing bebenduning Allah.”(ayat 9). Kita sami sampun nampi kanugrahan ageng saking Gusti Allah. Lan mboten wonten ingkang perlu disamaraken malih bilih badhe nampi timbalanipun Gusti, sae timbalan dados Pinisepuh, Diaken, Guru Injil utawi paraga peladosan sanesipun. Awit menika ateges kita nampi karahayon saking Gusti Allah.

Anggen kita nampi karahayon mesti kasarengan tanggel jawab nindakaken pigesangan kang bener, pener lan laras ing karsane Gusti Allah. Kados dene pigesanganipun Gusti Yesus ingkang sampun nindakaken patrap kang leres lan utami, manut karsane Sang Rama. Ngantos Panjenenganipun ngasoraken diri ‘mbelani’ manungsa kang ringkih lan gluput ing dosa. Sakmenika sampun wancinipun kita mujudaken pigesangan kang laras wonten ing karsane Gusti Allah.Pancen mboten gampil, nanging kedah kita budidaya. Sedaya kedah wonten prosesipun. Kanthi mekaten gesang bener lan pener dados kabudayan ing pigesangan kita.

“Mulane, dipilih dadi majelis kuwi uga sarana ndandani urip kang kurang pener, Mas.” Pak nDhito ngandika mantebne Mas Tri. Amin. [jarwi]

“Urip kang pener kuwimung nulad Gusti Yesus”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak