Dikandani Kok Ora Ngandel… Renungan Harian 6 November 2018

6 November 2018

Waosan : Kisah Para Rasul 7 : 17 – 29  |  Pamuji: KPJ 188
Nats: “Pangintenipun, para kadangipun badhe mangertos, bilih panjenenganipun dipun agem Gusti Allah ngluwari piyambakipun sadaya, nanging sami boten mangertos” [ayat 25]

Tumrapipun bangsa Israel, Musa kalebet nabi ingkang pinunjul karana piyambakipun kautus dening Gusti Allah nuntun bangsa Israel tumuju dhateng tanah Kanaan. Ewasemanten, Musa asring nampeni patrap mbalela bangsa Israel. Prekawis punika dipun aturaken dening Stefanus dhateng Pradata Agami Yahudi sakderengipun dipidana pejah, minangka kritik dhateng bangsa Israel ingkang asring tumindak mbalela dhumateng pepengetipun Gusti Allah.

Nalika merjaya tiyang Mesir karana mbelani bangsanipun, piyambakipun rumaos bilih tiyang Israel badhe simpati. Ewasemanten tiyang Israel ingkang dipun tulungi malah ndakwa Nabi Musa badhe merjaya piyambakipun nalika badhe karukunaken dening Nabi Musa. Boten ngaturaken panuwun, kosokwangsulipun malah ndakwa. (bdk. Ay.27-29)

Sikap rumaos paling bener tur pener asring dados pambengan ingkang njalari kita tebih saking panuntuning Roh Suci. Cobi kita mirsani kahanan kita piyambak-piyambak nalika kita dipun emutaken dhumateng sedaya kalepatan kita, sae lumantar abdinipun Gusti lan sedherek patunggilan. Kadospundi patrap kita? Purun ngakeni lan mratobat napa mboten?

Wonten ingkang lajeng sadhar diri lan mratobat. Nanging wonten ugi ingkang mbalela, malahan tumindak nglawan karsanipun Gusti kanthi sengaja. Menika katindakaken awit Gusti Allah, para abdinipun Gusti lan para sedherek patungilan dipun anggep mboten mbelani piyambakipun nalika boten sarujuk kaliyan pandamel lan patrapipun ingkang estunipun lepat. Namung pamanggihipun piyambak ingkang dipun anggep bener lan pener.

Patrap ingkang bener lan pener punika namung saged kalampahan nalika kita purun katuntun dening Gusti Allah lumantar pepenget ingkang dipun aturaken dening para abdining Gusti Allah saha para sadherek patunggilan. Ingkang dipun betahaken namung raos lembah manah, purun nampeni pepenget saking Gusti Allah lan nindakaken. Amin.[DK]

“Tilingna dhawuhe Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak