Unggah-Ungguh Renungan Harian 2 November 2018

2 November 2018

Waosan : Kaimaman 19 : 32 – 37  |  Pamuji : KPJ 345 : 1, 3
Nats: “Kowé kudu ngajèni marang wong sing akèh umuré. Padha wedia marang Allah. Panjenengané hurmatana, merga Aku iki Allahmu.” [ayat 32]

Ing salebeting gesang padintenan tiyang Jawi, menawi rembagan perkawis tata krama, wonten satunggaling bab ingkang kedah dados laku gesang padintenan, inggih punika bab unggah-ungguh. Unggah-ungguh punika wigati sanget ing tatanan gesangipun tiyang Jawi. Wiwit taksih alit, para putra-putri sampun kawucal supados mangertos lan nggadhahi unggah-ungguh ingkang sae. Paring urmat dhateng tiyang sepuh lumantar tata krama lan basa ingkang sakmestinipun (krama inggil)

Kanyatan bilih bab unggah-ungguh punika sami kaliyan punapa ingkang sampun dipun dhawuhaken dening Gusti Allah tumrap bangsa Israel lumantar kaimaman, inggih punika supados nggadhahi laku gesang ingkang becik ing ngarsanipun Gusti Allah. Ing sakathahing pitedah bab laku adil, bab katresnan, urmat-tinurmatan, nyata sanget bilih bab ngajeni tiyang ingkang langkung sepuh punika dados salah satunggaling wujud kita gesang suci ing ngarsanipun Gusti. Kok saged mekaten? Punika tamtunipun karana Gusti Allah ingkang sampun karsa paring panjang yuswa dhateng tiyang sepuh. Pramila, manawi kita purun ngajeni tiyang ingkang kaparingan berkah saking Gusti awujud yuswa adi, tegesipun sami bilih kita punika urmat dhumateng Gusti ingkang dados sumbering yuswa adi punika.

Dinten punika, sesarengan kaliyan para sedherek se-GKJW, kita taksih ngraosaken bulan budaya. Pramila, sumangga kanthi suka bingah kita mbudidaya gesang, klayan sami nguri-uri budaya Jawa ing tanah Jawi Wetan punika, salah satunggilipun ing bab unggah-ungguh. Mangga sami nglampahi gesang kanthi unggah-ungguh ingkang sae, mboten namung dados wujuding kita nguri-uri tradisi, ananging ugi dados wujuding kita mituhu dhumateng Gusti. Kita sampun kaparingan tiyang sepuh, sedherek lan brayat, sumangga sami tansah ngatingalaken raos urmat kawiwitan saking brayat kita piyambak-piyambak. Gusti amberkahi kita.[dvd]

“Duwea unggah-ungguh ing saklumampahing laku uripmu”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak