Waosan : Pangentasan 4 : 1 – 17 | Pamuji : KPK 82 : 1 & 4
Nats: “Kang iku sira mangkata, Ingsung kang bakal ngereh ilatira lang mulang marang sira apa kang kudu sira ucapake.” [ayat 12]
Salah satunggiling wangsulan ingkang asring kita pirengaken saking warga gegayudan kaliyan pitakenan bab “dauran pinisepuh-diaken” makaten: “Kula kadose dereng pantes menawi dados diaken-pinisepuhing pasamuwan wekdal sapunika”. Kalajengaken kaliyan “nuding” rencang lintunipun, ingkang miturut pamanggihipun ketingal langkung sumadya. Wangsulan punika, menawi kita gatosaken boten namung nggadhahi pangertosan bilih priyantun kalawau andhap asor lan ngrumaosi boten kawogan lelados, ananging mbokmenawi alesan kangge uwal saking peladosan. Saged ugi krana ajrih nyumerepi bilih badhe nemahi perkawis awrat, awit kathah warga ingkang ketinggal langkung “mumpuni”.
Waosan dinten punika nedahaken dhumateng kita, kadospundi Musa nalika nampi dhawuh timbalaning Allah supados ngayahi peladosan kangge umatipun. Ing wiwitan Musa boten saged nampi pakaryan punika krana ngrumaosi bilih kathah kekiranganipun sacara manungsa. Nanging sejatosipun Musa “nglokro” krana bangsa Israel ketingal sampun tebih kaliyan Allah. Musa ajrih menawi piyambakipun boten saged katampi dening bangsa Israel. Artosipun rancangan Allah awrat kalampahan tumrap bangsa Israel. Inggih krana punika Allah “trenyuh” ningali kahananipun Musa, satemah Allah maringi pratanda bilih Allah badhe tansah nganthi lampah peladosan Musa. Kawusananipun Musa saged nampi dhawuhipun Allah lan nglampahi karsanIpun awit Allah tansah nganthi soksintena ingkang kautus.
Saking cariyos Musa punika, kita mangertos bilih ingkang maringi pakaryan dhumateng kita punika Allah. Tamtu Allah boten badhe lepat. Allah tansah nyengkuyung supados rancanganipun kalampahan, pramila Allah tansah nganthi lumampahing peladosan kita, satemah kita uwal saking raos ajrih. Kita ugi taksih nemahi pepalang nalika nglampahi karsanipun Gusti. Ananging menawi kita tansah njagi sesambetan kita kaliyan Gusti, tamtu kita saged mbentenaken antawisipun swantenipun sesami lan swantenipun Allah. Sumangga kita tansah sumadya nampeni timbalane Gusti lumebet ing peladosanipun. Amin [yohdik]
“Mung karaharjan sanyata ngiring lampah kula, mila tan kendhat muji wah mbangun turut mring Gusti”