Waosan : Ibrani 6 : 13 – 23 | Pamuji : KPJ 145
Nats: “Dene pangarep-arep mau minangka jangkar kang kuwat lan santosa tumrap nyawa kita,.” [ayat 19]
Jangkar punika peranganipun kapal ingkang dipunlebetaken ing toya ing seganten utawi lepen. Jangkar punika dipun damel saking wesi cor. Kangge kapal ingkang ageng, jangkar dipun gandengaken kaliyan rante saking wesi. Kangge kapal alit jangkar dipun sambungaken kaliyan tali. Jangkar ginanipun kangge nahan kapal supados mboten pindhah utawi geser, awit wontenipun angin lan ombak ingkang ageng. Miturut papanipun, jangkar punika kabagi dados tiga, inggih punika, jangkar haluan, jangkar arus, lan jangkar cemat. Punapa ingkang kedadosan menawi kapal mboten wonten jangkaripun? Tamtunipun gampil kabekta arusing toya, menawi wonten angin lan ombak ingkang ageng. Mila saking punika sedaya kapal kedah wonten jangkaripun.
Jangkar dados gambaran kangge pangajeng-ajeng ingkang kiyat dhumateng Gusti Allah. Kados pundhi pangajeng-ajeng ingkang kiyat lan santosa punika? Ing waosan kita dinten punika kita sami kaajak sinau saking Rama Abraham. Sasampunipun Gusti dhawuh bilih badhe paring berkah ingkang luber lan dipun tangkaraken dados kathah, Rama Abraham ngrantos kanthi sabar. Saking Rama Abraham kita sami saged sinau bilih ing salebeting pangajeng-ajeng wonten kesabaran kangge ngrantos berkahipun Gusti. Minangka tiyang pitados kita asring ngadhepi angin lan ombak ingkang ageng ing samudraning gesang. Ingkang saged ndadosaken kita semplah lan nglokro. Ing ngriki kita kedah kagungan pangajeng-ajeng lan pitados dhumateng Gusti Allah bilih Panjenenganipun badhe paring pangluwaran lan margi kados ingkang dipun raosaken Rama Abraham. Ing salebeting pengajeng-ajeng punika kedah wonten kesabaran. Sabar ngrantos wangsulan lan margi saking Gusti Allah. Kanthi mekaten kita saged tansah kiyat lan semangat, mboten gampil nglokro lan semplah. Amin [SWT]
“Mung sajuga pangarep-arepmu, prasetyaning Gusti iku teguh”