Waosan : Ibrani 3 : 7 – 19 | Pamuji : KPJ 64
Nats: “… aja padha mangkotake atinira, kaya nalika padha mbalela…” [ayat 15b]
Asring kapireng manawa “pengalaman adalah guru yang terbaik”. Ukara punika ngandhut arti ingkang lebet, bilih ing sajroning gesang padintenan kabetahaken pengalaman supados kita saged nglampahi gesang kanthi sekeca, awit kaluputan ingkang nate kelampahan kapengker sampun ngantos dipun lampahi malih. Krana punika, pengalaman paring piwucal kangge terus nuntun kita kangge nglampahi gesang ingkang langkung becik.
Ing waosan kita, Ibrani 3:7-19, Rasul Paulus ugi ngagem sarana pengalaman umat ing salebeting piwucalipun kangge tiyang pitados ing kitha Yerusalem. Umat kasuwun supados boten wangkot manahipun kados dene leluhuripun ingkang nate nyoba Gusti Allah samangsa uwal saking tanah pangawulan lan nalika lelampahan ing pasamunan. Kenging punapa umat kasuwun boten wangkot? Karana perkawis punika ndhatengaken duka ing pamirsanipun Gusti Allah lan paring pituwas kangge umat kang boten pracaya boten kepareng mlebet dhateng tanah prajanjen. Saged kapirsanan bilih wongsal-wangsul bangsa Israel nampeni bebendu krana boten setyanipun bangsa Israel dhateng Gusti Allah. Supados prastawa ingkang kelampahan dening para leluhuripun punika boten dhumawah malih, Rasul Paulus ngelingaken lan ngajak supados umat Israel punika eling bab kaluputan para leluhuripun ingkang boten setya tuhu, malah mbalela dhateng Gusti Allah.
Punapa ingkang kelampahan ing salebeting gesangipun bangsa Israel, mugi ndadosaken pasinaon kangge gesanging iman kita, supados boten ngambali malih kaluputan ingkang sampun kapungkur sarana mikul dhuwur kasetyan kita dhateng Gusti Allah. Sinaosa ta mrangguli gesang punika abot, nanging Gusti boten nilar umatipun, awit Gusti Allah punika setya tuhu lan adil (1 Yohanes 1:9). Kangge tiyang ingkang setya tuhu dhateng Panjenenganipun, astanipun Gusti Allah boten nate nilar lan tansah paring pitulungan. Sarana pengalaman, bangsa Israel dados seksi, menawi Gusti Allah makarya, kawilujengan dados nyata. Sumangga sinau saking pengalaman! [pong]
“Mangsa kapungkur iku pasinaon, mangsa saiki iku kasunyatan, lan mangsa mbesok iku ngono pangarep-arep.”