Waosan : Lelakone Para Rasul 5 : 12 – 16 | Pamuji : KPK 312
Nats: “Karo dene cacahe wong kang padha pracaya marang Gusti saya wuwuh-wuwuh, lanang lan wadon,” [ayat 14]
Sekabatipun Gusti Yesus ingkang misuwur punika cacahipun kalihwelas. Angka punika sami kaliyan cacahipun taler (suku) Israel. Punapa muridipun Gusti namung kalih welas punika? Ing cariyos sanes wonten keterangan bilih Gusti kagungan murid malih kejawi saking ingkang kalih welas kalawau. Lukas 10:1 mratelakaken bilih wonten pitung dasa murid malih kejawi saking ingkang kalih welas. Kanthi makaten mesthinipun muridipun Gusti dados 12 + 70 = 82. Mbokmenawi mboten sedaya muridipun Gusti kacathet kanthi cetha ing Kitab Suci. Nalika para murid ngempal kapimpin dening Petrus –ngrembag pilihan murid enggal gantosipun Yudas Iskariot– cacahipun para pendherekipun Gusti wonten satus kalih dasa (Lelakone Para Rasul 1:15). Kanthi ngurutaken cariyos-cariyos kalawau, kita saged manggihaken bilih cacahing muridipun Gusti punika tansah tuwuh, saking sekedhik ngantos kathah.
Tambahipun murid punika sanes tujuanipun Gusti makarya. Cariyos kita dinten punika mratelakaken bilih tambahipun para pitados dhumateng Yesus Kristus inggih minangka woh saking pakaryanipun Sang Roh Suci lantaran peladosanipun para murid. Rasul Petrus sakanca ngugemi punapa ingkang dipun dhawuhaken dening Gustinipun. Kathah sanget tiyang ingkang mbetahaken pitulungan ingkang sowan dhateng Petrus. Inggih awit kawontenan ingkang makaten lajeng cacahipun tiyang pitados tambah dinten tambah kathah. Ngantos ing jaman samangke tiyang ingkang mbetahaken pitulungan kados ing jamanipun Gusti Yesus lan Petrus taksih tetep kathah. Dados berkah kangge tiyang sanes, punika timbalan kita sami. Roh Suci tansah makarya lan nimbali kita supados ndherek ing pakaryanipun.
Tanggal 12 Desember dinten punika ngemutaken kita ing GKJW bilih rumiyin tanggal 12 Desember tahun 1843 wonten sawatawis tiyang Jawi ingkang kabaptis ing Surabaya. Tanggal punika dados wiwitan tuwuhing tiyang pitados dhumateng Gusti Yesus wonten ing Jawi Wetan. Gusti Yesus punika Juruwilujengipun manungsa lan alam donya sakisinipun. Kita dipun timbali ndherek ing pakaryanipun. [DLS]
“Kabingahan sejati inggih punika ndherek makarya sesarengan Gusti.”