Sing Wis, Ya Wis

14 January 2017

Bacaan : Lukas 5 : 1 – 11 | Pamuji: KPK 116
Nats: “Ewadene margi saking dhawuh Paduka, kawula inggih badhe ndhawahaken jala,…” [ayat 5b]

Wonten gajah lan beruang ingkang badhe nyabrang lepen mawi wot ingkang kadamel saking pring lan tali. Wot punika cupet, boten jembar, namung cekap lan kamot kangge tiyang setunggal. Kanthi giyak-giyak, gajah nyabrang lepen kalawau, ananging boten mekaten kaliyan beruang. Beruang namung mendel kemawon. Rupinipun beruang ajrih nyabrang lepen kalawau. Beruang nate nyabrang lepen lan ing satengahing wot lajeng ambyur ing lepen, krana wotipun sempal. Wiwit wekdal puniku beruang boten purun nyabrang malih.

Simon rupinipun ugi trauma (ajrih). Ing waosan kacariyosaken bilih sampun sadalu muput Simon ndhawahaken jala wonten ing seganten, nanging boten wonten setunggal ulam ingkang kecanthol ing jalanipun Simon. Ing kahanan mekaten, Gusti Yesus dhawuh supados Simon ndhawahaken jalanipun malih. Tamtunipun Simon protes ing salebetipun batin, “kok ya eram wong siji iki, sing nyambut gawe nyang segara ya sapa, sing ngerti segara ya sapa, atase mung guru wae kok wani-wani mrentah.” Mbokbilih mekaten batinipun Simon. Ananging, Simon boten namung nuruti punapa ingkang dados raosing batin. Simon sadar sinten ingkang ndhawuhi lan punika cetha lumantar tetembungan ingkang mijil saking Simon, “ewadene margi saking dhawuh Paduka, kawula inggih badhe ndhawahaken jala,…”Simon sigra nindakaken punapa ingkang dipun dhawuhaken lan saestu jalanipun ingkang swau boten wonten ulamipun, sapunika kebak lan kacariyosaken bilih jalanipun ngantos badhe bedhah.

Saben tiyang Kristen tamtu anggadhahi masa lalu ingkang ndadosaken trauma. Ananging masa lalu kalawau sampun ngantos dados sandhungan kita nglajengaken gesang peparingipun Gusti. Kadospundi kita kedah “berdamai dengan masa lalu”, supados kita saged mirengaken dhawuhipun Gusti? Sampun ngantos dhawuhipun Gusti ingkang tansah paring pepadhang punika boten kita paelu, amargi katutupan dening masa lalu kita ingkang dereng beres! Menawi saged mirengaken swantenipun Gusti, berkahipun Gusti luber ing gesang kita, kados ulam ingkang kathah kalawau. [dix]

Kang kawuri cik ben dadi piwulang murih dadi wicaksana.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak